Minggu, 02 Januari 2011

makalah semantik tentang homonim

HOMONIM ING SAJRONe BANYOLAN
Zuly Kristanto
082114217
A. Purwaka
Homonim lumrahe bisa ditemokake ing sajrone cecaturan saben dina. Kadhangkala homonim bisa ndadekake jumbuh ing sajroning cecaturan. Iki disebabake amarga ing sajroning homonim nduweni tulisan kang padha lan pangucape kang padha. Pancen homonim ngono wujude sepele nanging ora bisa diarani yen homonim perkara kang sepele. Iki disebake amarga homonim uga bisa nuwuhake pralambang-pralambang kang manut karo konteks ing sajroning ukara. Saliyane iku homonim uga bisa nuwuhake rasa jumbuh ing sajroning cecaturan menawa durung diweruhi konteks apa kang ana ing sajroning ukara iku mau. Supaya ora ndadekake jumbuh marang apa kang dadi teges sing dikarepake dening pamicara tumrap pamidhanget wis samesthine kudu diweruhi apa kuwi sing diarani homonim.
Akeh banget perkara-perkara kang kedadeyan ing urip saben dina kang ana gegayutane karo homonim. Pekara kedadeyan homonim bisa ditemokake ing sajroning banyolan. Iki disebabake amarga materi kang dienggo ing sajroning banyolan yaiku gawe ngentha-ngentha basa utawa nggawe basa kang nduweni teges kang luwih saka siji. Anane tukang mbanyol gawe cara iki supaya bisa nuwuhake rasa lucu lan aweh panglipur.
Ngenani potensi homonim kang bisa ndadekake jumbuh tumrap mitra wicara ing sajroning pralambang-pralambang kang ana ing sajroning homonim durung dirembag kanthi cetha, mula saka kuwi ing kene bakal diandharake apa kang ndadekake teges kang jumbuh ing sajroning homonim. Ngenani homonim ing sajroning banyolan bakal diandharake kanthi cetha kanthi cara njlentrehake kedadeyan-kedadeyan homonim ing sajroning banyolan banjur dibacutake tuladha-tuladha kang bisa menehi ngerti marang pamaos ngenani apa kuwi homonim.




B. Andharan
1. Tegese Homonim
Homonim tembung loro kang nduweni pangucap kang padha nanging nduweni teges kang beda. Miturut basa asale homonim kedadeyan saka rong tembung yaiku basa Yunani kuno , anoma = jeneng lan homas = padha. Yen digandheng tembung homonimi nduweni teges jeneng sing padha nanging nduweni pangerten kang beda
Wis akeh para ahli kang ngandharake babagan homonim tuladhane kaya kang diandharake para ahli ing ngisor iki. Homonim yaiku ungkapan utawa pangucap (arupa tembung, frase, kalimat) kang nduweni bentuk padha karo pangucap liya (arupa tembung, frase, ukara) nanging tegese beda. (Verhaar,1987:135). Homonim yaiku tembung kang tulisan lan pangucape padha nanging durung mesthi padha tegese jalaran asale saka lingga kang beda. Dadi sing padha mung tulisan lan pangucapane (Sasangka; 2008:227). Miturut Pateda (2001:211) yaiku sesebutan (tembung, gatra utawa ukara) kang nduweni wujud padha karo tembung, gatra utawa ukara liyane, nanging nduweni teges kang beda antarane siji lan liyane. Miturut Chaer (1995:93) tembung homonim asale saka tembung onoma kang nduweni teges “sesebutan” lan homo kang nduweni teges “padha”, dadi homonim bisa diwenehi teges sebutan kang padha kanggo barang utawa babagan liyane.
Saka andharane para ahli mau bisa diweruhi yen homonim nduweni pangerten kang padha. Nanging ana ahli kang negesi homonim beda karo andhrane para ahli ing dhuwur mau. Yen miturut Tarigan (1993:30), kang diarani homonim yaiku tembung loro utawa luwih kang unine padha, nanging tegese beda, utawa tembung loro kang padha pangucape, nanging nduweni teges kang beda.
Ing makalah iki ora sarujuk karo panemune Tarigan (1993:30), amarga yen ditegesi kaya mangkono bisa ndadekake jumbuh antarane homonim lan polisemi.
Miturut apa kang diandharake ing ndhuwur bisa kadudut kang dadi titikane homonim yaiku:





Homo padha

jeneng kang padha
Onama jeneng

Dene kang dadi wewatesane homonim yaiku saka tembung-tembung dialek (wernane basa), ragam basa (antarane ngoko lan krama) lan basa siji lan sijine (basa Indonesia lan basa Jawa). Andharan ing ngisor iki bakal ngandharake apa wae homonim kang ana ing sajroning banyolan.
Tuladhane
mawa
mawa
mawa
Tuladha ing sajroning ukara
a. Tulisen mawa aksara jawa.
b. Areng sing isih mawa iku panas banget.
Tembung mawa ing nduwur iku pancen nduweni pangucap lan tulisane kang padha nanging tembung mawa ing ndhuwur nduweni teges kang beda. Mawa kang sepisan nduweni teges nganggo dene ing ukara kapindho nduweni teges nggeni.

2. Tegese lawakan
Miturut kamus basa Indonesia Indonesia lawak wicara utawa nindakake samubarang kang bisa nuwuhake rasa lucu.
Lawakan iki kerep ditemokake ing sajroning pagelaran ludruk utawa ketoprak. Cara nindakake lawakan iki bisa diperang dadi papat yaiku:
1) lelucon yaiku carane nglawak kanthi cara ndadekake samubarang kang ora lucu lan dipeksa amrih bisa lucu lan mokal anane.
2) Banyolan yaiku carane nglawak nganggo materi babagan uthak-athik basa.
Tuladhane nganggo tembung-tembung homonim utawa polisemi.
3) dhagelan yaiku cara sing digawe ndagel sing khas kang diduweni pelawak tuladhane cara ndagele monok sing menehi panambang “s” ing tembung sing diucapake.

4) Plesedan yaiku carane ndagel kanthi cara mlesedake teges kang ana ing sajroning tembung kanthi tembung liya sing dianggep cedhek pambedane.
Tuladhane : Bapak taksih sare iki yen diplesetake dadi bapak taksih pare.

3. Jinis-jinise homonim
Yen miturut para ahli basa ing nduwur homonim bisa dibedakake dadi telu yaiku homonim, homograf lan homofon. Sarehne ing basa jawa ora ditemokake homofon ing kene ora diandharake babagan homofon. Dene kang diarani homograf yaiku tembung loro kang padha tulisane nanging beda ing pangucapane. Iki padha karo andharane para ahli basa ngenani homograf kayata andharan kang ana ing ngisor iki. Bedane homograf karo homonim yaiku yen ing homograf iku sing padha mung wujud panulise lan beda ing pangucape dene yen ing saroning homonim iku padha tulisan lan pangucape.
Padha dene karo homonim, homograf uga nduweni teges kang werna-werna, nanging intine padha. Miturut ahli, homograf yaiku: Miturut Chaer (1995: 93), homograf yaiku tembung kang padha tulisane, nanging beda pangucapan lan tegese. Dene miturut Suwandi (2006:109), homograf yaiku gegayutan antarane tembung-tembung kang beda tegese, nanging padha tulisane. Homograf yaiku tembung kang homografi karo tembung liyane. Semono uga miturut Sasangka (2008:230), homograf yaiku tembung loro utawa luwih kang padha panulise lan beda pangucape. Dene Pateda nduweni panemu kang beda ngenani homograf yaiku yen miturut Pateda homograf yaiku tembung loro kang tulisan lan pangucape padha.
4. Jinise Homonim ing Sajroning Banyolan
Tukang mbanyol kerep mbanyol gawe homonim. Iki disebabake amarga homonim nduweni teges kang luwih saka siji. Mula saka kuwi para lawak kerep gawe tembung-tembung kang nduweni luwih saka siji. Iki dikarepake ndadekake jumbuh marang pawongan kang dadi pangurungune yen ora dicethakake konteks kang ana ing sajroning ukara mau. Rasa jumbuh iki tuwuh saka tembung-tembung kang kalebu homonim kang manggon ing sanjabane konteks kang salugune. Iki pancen disengaja dening pelawak utawa dagelan mau supaya nuwuhake rasa lucu ing sajroning cecaturan. Anane dagelan kang nggunakake istilah-istilah homonim iku wis bisa ndadekake kita minangka pangrungu supaya bisa mangerteni kalebu ing ngendi tembung-tembung kang sinebutake iku mau.
1). pedhes
Tuladhane ing ukara
a. Ti, tuku rujake nanging aja pedhes nemen ya!
b. Nek rumangsamu omonganku pedhes kono ngombeya banyu.
Tembung pedhes iku salugune mujudake sawijining rasa kang dirasakake ilat. Nanging yen dilebokakake ing sajroning homonim pedhes bisa dadi rasa mangkel. Amarga pedhes ing ukara kapindho nduweni teges omongan kang bisa nuwuhake raosa mangkel. Saliyane tembung pedhes ing nduwur uga bisa diweruhi bedane saka perangane awak kang ngrasakake. Rasa pedhes sing dimaksud ing ukara kang sepisan yaiku dirasakake dening ilat dene pedhes ing ukara kang kapindho iku dirasakake dening ati.
2) panas
a. Panas-panas ngene iki paling enak ngombe es.
b. Yen atimu panas krasa guyangen banyu.
Tembung panas ing ukara ing ndhuwur senajan tulisan lan pangucape beda nanging tembung loro mau duwe teges kang beda. Kang ndadekake pambeda ing tembung loro mau yaiku saka perangane awak kang ngrasakake lan teges kang ana ing ukara kaloron mau. Panas ing ukara kang kapisan mujudake tembung wantah dadi ora ana tegese mung nuduhake kahanan lan perangane awak kang ngrasakake rasa iki yaiku kulit. Dene panas ing ukara kang kapindho mujudake tembung entar kang duwe teges rasa mangkel lan perangane awak kang ngrasakake rasa panas ing ukara kapindho yaiku ati. Tembung panas ing ukara kapindho iki mujudake sawijining rasa pangrasaning ati.
3) ngukuri
Tuladhane ing ukara
a. Apa lurahe wis gendheng kok ngukuri lemah ing mburi omah.
b. Pak lurah ngukuri geger ing mburi omah.
Senajan tembung ngukur ing kene kalebu tembung kriya ananging tembung ngukuri iki nduweni teges kang beda. Iki dijalari tembung kaloron iku mau asale saka tembung lingga kang beda. Tembung ngukuri ing ukara sepisan asale saka lingga ukur lan oleh ater-ater anuswara [n] lan panambang [-i]. Dene tembung ngkukuri ing ukara kapindho asale saka lingga kukur banjur oleh ater-ater anuswara [n] lan panambang [-i]. Saliyane iku tembung loro iku mau uga nduweni pambeda ing piranti kang digawe nindakake pakaryan iku mau. Ngukur ing ukara sepisan migunakake piranti ukur dene ngukur ing ukara kapindho nggunakake piranti kukur. Tembung ngukur ing dhuwur bakal nuwuhake rasa jumbuh jumbuh marang mitra wicara menawa durung cetha apa sing dikenani ngukuri iku dhewe.
3) gatel
a. Kupingku gatel amarga kena ulune uler lintang.
b. Kupingku gatel krungu omonganmu sing wingi.
Tembung gatel ing ukara ing ngisor iki nduweni teges kang beda. Tembung gatel ing ukara kang sepisan klebu tembung wantah dene tembung gatel ing ukara kapindho mujudake pralambang kanggo negesi surasane ati kang lagi mangkel. Tembung gatel ing ukara kang sepisan kang ngrasakake rasa gatel yaiku kulit. Dene gatel ing ukara kapindho kang ngalami rasa gatel yaiku ati. Senajan ing ukara kapindho kang krasa gatel iku kupinge iku ngono sawijining pralambang kanggo nglambangake surasane ati kang lagi mangkel. Dadi sadurunge negesi maksud kang dikarepake kudu luwih dhisik mangerteni konteks ukara iku mau kepriye. Amarga tembung kupingku gatel iku bisa nuwuhake rasa jumbuh yen ora cetha kontekse.
4) rusuh
Tuladhane ing ukara.
a. Jogane lho rusuh, mula saponana.
b. Nek omonganmu pancet rusuh, taksaponi lambemu pisan.
Tembung rusuh ing ukara kapisan ing ukara kang sepisan mujudake tembung kahanan dene tembung rusuh kang ana ukara kapindho mujudake pralambang. Pralambang ing ukara kapindho digunakake kanggo nglambangake babagan-babagan kang dianggep wus nerak trap-trape kasusilan.
5) sungu
a. Sungune wedhusku tugel.
b. Kuping apa sungu diceluk meneng wae.
Sungu ing ukara kang kapisan nuduhake piranti gamane kewan. Dene sungu ing ukara kang ana ing ukara kapindho mujudake pralambang kanggo nglambangake sipate bocah kang ndableg. Pralambang iki kerep disebutake dening wong tuwa nalika meruhi anake angel dikandhani.

6) canthelan
a. Canthelan klambiku dijupuk Agus
b. Kuping apa canthelan diceluk meneng wae.
Tembung canthelan ing ukara kang kapisan mujudake arane piranti kanggo nyanthelake klambi. Dene canthelan ing ukara kang kapindho ngono mung pralambang kangggo pawongan kang ndableg. Kuping kang dipadakake karo canthelan mujudake pralambang kanggo nggambarake pawongan kang ora enggal semaur yen ana pawongan kang nyeluk dheweke.

7) suku
a. Sukunipun bapak sakit.
b. Amrih bisa muni “u” tambahana suku.
Suku kang ana ing ukara kang sepisan mujudake sawijining perangane awak dene suku kang ana ing ukara kang kapindho mujudake sawijining sandhangan kang ana ing aksara jawa.

8) sandhangan
a. Sandhanganmu kuwi ndang umabahen ambune wis lebus!
b. Suku kuwi klebu sandhangan ing aksara jawa.
Sandhangan kang ana ing ukara kang sepisan duwe teges klambi dene sandhangan kang ana ing ukara kapindho nduweni teges arane pasangan ing sajroning aksara jawa.
9) mangan ati
a. Omonganmu kok gawe mangan ati.
b. Ngene iki sing paling enak mangan ati goreng.
Mangan ati ing ukara kang kapisan nuduhake basa entar kang duwe teges gawe kuciwa. Dene mangan ati ing ukara kang kapindho mujudake tembung wantah kang duwe teges mangan jerohan kang rupa ati.

10) ngeres.
a. Jogan ngeres kaya ngene ora gelem nyaponi.
b. Utekmu saponana dhisik supaya ora ngeres terus.
Tembung ngeres ing ukara kang kapisan mujudake kahanan sawijining panggonan. Ngeres ing ukara kang kapisani teges reged. Dene ngeres kang ana ing ukara kapindho mujudake pralambang kang digunakake kanggo nglambangake pikirane sawijining pawongan kang wus nerak angger-anggere trap kasusilan, utawa mikir samubarang kang dianggep saru.

11) miring
a. Ancene bocah nek uteke miring ya ngono iku.
b. Topimu iku miring mula benerna dhisik.
Miring ing ukara kapisan mujudake sawijining pralambang kang digunakake kanggo nglambangake kahanane pamikire pawongan kang dianggep wis ora lumrah. Dene miring ing ukara kapindho mujudake sawijining kahanane barang kang kurang gumathuk.

12) kecut
a. Pelem sing isih enom iku rasane kecut.
b. Ambumu kok kecut banget to!
Kecut ing ukara kang kapisan mujudake arane rasa kang diduweni woh-wohan sing durung mateng. Dene kecut ing ukara kang kapindho mujudake sawijining jinise ambu.




13) pecel
a. Ti, lelene kae pecelen.
b. Pecelen lele kae.
Tembung pecel ing dhuwur kalebu homograf jalaran panulise padha lan pangucape beda. Tembung iki ora ndadekake jumbuh menawa dilisanake nanging tembung pecel iki ndadekake jumbuh menawa ana ing sajroning tata tulis.
14) randha royal
a. Aku ditukokake si Mbah randha royal.
b. Randha royal ngarep ngomah kae ayu ya?
Randha royal kang ana ing ukara kang kapisan mujudake arane panganan. Dene randha royal ing ukara kang kapindho mujudake sawijining pralamabang. Pralambang iki digunakake kanggo nglambangake sawijining pawongan kang duwe status sosiale randha lan sipate loman.
15) njaluk
a. Man, aku njaluk dhuwite!
b. Ri, anakmu takjaluk, arep takwenehke anaku oleh?
Njaluk ing ukara kapisan kedadeyan saka tembung jaluk kang oleh ater-ater anuswara lan mujudake sawijining tembung kriya kang duwe teges pengin nduweni samubarang kanthi cara jejaluk. Dene njaluk ing ukara kang kapindho senajan padha-padha saka lingga jaluk lan oleh ater-ater anuswara nanging njaluk ing ukara kapindho mujudake tembung entar kang nduweni teges pengen ndadekake anake liyan dadi mantune.
C. Dudutan
Homonim yaiku tembung loro utawa luwih kang nduweni pangucap lan tulisan kang padha. Nanging kang mbedakake siji lan sijne yaiku ing tegese. Ing jerone teges iku mau uga bisa diweruhi yen homonim uga nduweni pambeda ing sajroning nindakake pakaryan utawa ing jinising aran. Supaya ora ndadekake jumbuh ing sajroning cecaturan samesthine kita mangerteni konteks sing dimaksud ing sajroning homonim iku dhewe.
Pancen ing sajroning lawakan utamane ing sajroning banyolan akeh banget ditemokake anane homonim. Iki disebabake saka wujude homonim iku dhewe padha ing tulisane lan beda ing tegese. Anane homonim nduweni teges kang beda iki ora ana panyebabe mung amarga katepakan wae. Saengga ora kabeh tembung bisa didadekake homonim. Iki beda banget karo polisemi, ing sajroning polisemi sawijining tembung bisa dientha-entha saengga bisa kalebu ing sajroning polisemi.
Saka andharan kang ana ing dhuwur bisa didudut yen homograf tembung loro kang nduweni tulisane kang padha nanging pangucape beda. Kanggo meruhi kepriye swara kang sebenere ing homograf kudu ditulis nganggo tulisan fonetis. Saliane iku kang dadi njalari pambeda ing sajroning homograf yaiku disebabake amarga ana beda pangucap ing sajroning aksara e. Ing basa jawa aksara {e} bisa diwaca {ϵ} lan uga bisa diwaca {ә}. Mula saka kuwi ing sajronig homograf kang ndadekake jumbuh ing sajroning ngucapake tembung kang nduweni tulisane kang padha nanging beda pangucap dijalari saka perkara ing ndhuwur mau.

KAPUSTAKAN
Chaer, Abdul.1990. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta : Rineka Cipta
Pateda, Mansoer. 1989. Semantik Leksikal. Ende : Nusa Indah
Sasangka,Wisnu,S.S.T.2008. Paramasastra Jawa Gagrag Anyar. Surabaya: PT Citra Jaya Murti
Verhaar,J.W.M.1983.Pengantar Linguistik. Yogyakarta: Gajah Mada University Press
Suwandi, Sarwiji. 2008. Semantik Pengantar Kajian Makna. Yogyakarta: Media Perkasa