Rabu, 08 Desember 2010

makalah semantik

Rasa jumbuh ingf sajroning homonim

Zuly Kristanto
082114217

A. Purwaka
Homonim lumrahe bisa ditemokake ana ing sajrone cecaturan saben dina. Kadhangkala homonim bisa ndadekake jumbuhe pangerten ing sajroning cecaturan. Iki disebabake amarga ing sajroning homonim nduweni panulis kang padha lan pangucap kang padha uga. Pancen homonim ngono wujude sepele ananging kita ora bisa ngarani yen homonim perkara kang sepele. Iki disebake amarga yen antarane pamicara lan pamidhanget ora ngerti anane homonim bakal nuwuhake pangerten kang jumbuh ing sajroning cecaturan. Supaya ora ndadekake salah pangerten marang apa kang dadi teges sing dikarepake dening pamicara tumrap pamidhanget wis samesthine kita meruhi apa kuwi sing diarani homonim. Akeh banget perkara-perkara kang kedadeyan ing urip saben dina kang ana gegayutane karo homonim.. Ngenani potensi homonim kang bisa ndadekake jumbuhing cecaturan durung dirembag kanthi cetha, mula saka kuwi ing kene bakal diandharake apa kang dadekake teges kang jumbuh ing sajroning homonim kanthi dhasar panulise lan apa teges kang sanyatane. Ngenani potensi homonim kang bisa ndadekake rasa jumbuh ing sajroning cecaturan bakal dirembag kanthi cetha kanthi cara njlentrehake kedadeyan-kedadeyan homonim kang bisa nyebabake jumbuhing pangerten banjur dibacutake tuladha-tuladha kang bisa menehi pangerten marang pamaos ngenani apa kuwi homonim.





A. ANDHARAN
1. Tegese Homonim
Homonim yaiku sawijining ilmu semantik kang ngrembag babagan tembung loro kang nduweni pangucap kang padha nanging nduweni teges kang beda. Miturut basa asale homonim kedadeyan saka rong tembung yaiku basa Yunani Kuno , anoma = jeneng lan homas = padha. Yen digandheng tembung homonimi nduweni teges jeneng sing padha nanging nuweni pangerten kang beda
Wis akeh para ahli kang ngandharake babagan homonim tuladhane kaya kang diandharake para ahli ing ngisor iki. Homonim yaiku ungkapan utawa pangucap (arupa tembung, frase, kalimat) kang nduweni bentuk padha karo pangucap liya (arupa tembung, frase, kalimat ) nanging tegese beda. (verhaar,1987:135). Homonim yaiku tembung kang panulis lan pangucape padha nanging durung mesthi padha tegese jalaran asale saka tembung kang bedha. Dadi sing padha mung panulis lan pangucapane (Sasangka; 2008:227). Miturut Pateda (2001:211) yaiku sesebutan (tembung, gatra utawa ukara) kang duweni wujud padha karo tembung, gatra utawa ukara liyane, nanging nduweni teges kang beda antarane siji lan liyane.Miturut Chaer (1995:93) tembung homonim asale saka tembung onoma kang nduweni teges “sesebutan” lan homo kang duweni teges “padha”, dadi homonim bisa diwenehi teges sesebutan kang padha kanggo barang utawa babagan liyane.
Saka andharane para ahli mau bisa diweruhi yen homonim nduweni pangerten kang padha. Nanging ana ahli kang negesi homonim beda karo andhrane para ahli ing dhuwur mau. Yen miturut Tarigan (1993:30), kang diarani homonim yaiku tembung loro utawa luwih kang unine padha, nanging tegese beda, utawa tembung loro kang padha pangucape, nanging nduweni teges kang beda.
Ing makalah iki ora sarujuk karo panemune Tarigan (1993:30), amarga yen ditegesi kaya mangkono bisa ndadekake jumbuh antarane homonim lan polisemi.
Miturut apa kang diandharake ing ndhuwur bisa kadudut kang dadi titikane homonim yaiku:

Homo padha

jeneng kang padha
Onama jeneng

Dene kang dadi wewatesane homonim yaiku saka tembung-tembung dialek (wernane basa), ragam basa (antarane ngoko lan krama) lan basa siji lan sijine (basa Indonesia lan basa Jawa). Andharan ing ngisor iki bakal ngandharake apa wae kang ndadekake jumbuhing pangucap ing sajroning homonim.
Tuladhane
mawa
(1) mawa
mawa
Tuladha ing sajroning ukara
a. Tulisen mawa aksara jawa.
b. Areng sing isih mawa iku panas banget.
Tembung mawa ing nduwur iku pancen nduweni pangucap lan panulisan kang padha nanging tembung mawa ing ndhuwur nduweni teges kang bedha. Mawa kang sepisan nduweni teges nganggo dene ing ukara kapindho nduweni teges nggeni.
2. Jinis-jinise homonim
Yen miturut para ahli basa ing nduwur homonim bisa dibedakake dadi telu yaiku homonim, homograf lan homofon. Sarehne ing basa jawa ora ditemokake homofon panulis ora ngrembag babagan homofon. Dene kang diarani homograf yaiku tembung loro kang padha nanging bedha ing pangucape. Iki padha karo andharane para ahli basa ngenani homograf kayata andharan kang ana ing ngisor iki. Homonim yaiku salah sawijining perangan saka ngilmu kang ngrembag ngenani homograf. Bedhane homograf karo homonim yaiku yen ing homograf iku sing padha mung wujud panulise lan beda ing pangucape dene yen ing saroning homonim iku sing padha yaiku panulise lan uga padha ing pangucape.
Padha dene karo homonim, homograf uga nduweni teges kang werna-werna, ananging intine padha. Miturut para ahli, homograf yaiku: Miturut Abdul Chaer (1995: 93), homograf yaiku tembung kang padha tulisane, nanging beda pangucapan lan tegese. Dene miturut Dr. Sarwiji Suwandi, M. Pd (2006:109), homograf yaiku gegayutan antarane tembung-tembung kang beda tegese, ananging padha tulisane. Homograf yaiku tembung kang homografi karo tembung liyane. Semono uga miturut Sry Satriya Tjatur Wisnu Sasangka (2008:230), homograf yaiku tembung loro utawa luwih kang padha panulise lan bedha pangucape. Dene miturut prof. Dr. Mansoer Pateda nduweni panemu kang beda ngenani homograf yaiku yen miturut prof. Dr. Mansoer Pateda pateda homograf yaiku tembung-tembung kang loro kang panulise lan uga padha ing pangucape.
3. Homonim ing cara nindakake pakaryan
nari (njoged)
(1) nari
nari (tawa)

(1a) tembung nari ing tuladha kang kapisan ngemu teges nindakake pakaryan sarana jejogedan utawa ngobahake awak.
(1b) tembung nari ing tuladha kang kapindho ngemu teges nindakake pakaryan kanthi cara obahing piranti kecap utawa nggawe vokal.
mundhut (tuku)
(2) mundhut
mundhut (njupuk)
(2a) mundhut ing tuladha kang kapisan ngemu teges tuku dilakokake kanthi cara nggawe barang utawa dhuwit
(2b) mundhut ing tuladha kang kapindho ngemu teges dilakokake kanthi nggunakake tangan.

ngasta (mulang)
(3) ngasta (ng+asta)
ngasta (nggawa)
(3a) ngasta ing tuladha kapisan dilakokake kanthi cara nggunakake vokal utawa piranti kecap.
(3b) ngasta ing tuladha kapindho dilakokake kanthi cara nggunakake tangan.


nyekar (nembang)
(4) nyekar
nyekar (geren)
(4a) nyekar ing tuladha kang kapisan dilakokake kanthi cara nggunakake piranti kecap.
(4b) nyekar ing tuladha kapindho ngemu dilakokake kanthi cara nggunakake alat kecap lan obahing tangan
ngukur (ng+ukur)
(5) ngukur
ngukur (ng+kukur)
(5a) tembung ngukur kang kapisan dilakokake kanthi cara nggunakake piranti ukur. Tuladhane Pak Ahmad lagi ngukur kain gawe garisane anake.
(5b) Tembung ngukur ing kang kapindho kedadeyan dilakokake kanthi cara nggunakake piranti kukur. Tuladhane Gaguk ngukuri wetenge sing gatelen.
diduduhi (jangane)
(6) diduduhi diduduhi (diwenehi weruh)


Tuladha ing ukara
(6a) Tembung diduduhi ana ing ukara kapisan dilakokake kanthi cara menehi duduh. Tuladhane supaya enak sotone apa ora diduduhi dhisik.
(6b) tembung diduduhi ing ukara kapindho dilakokake kanthi cara menehi weruh. Tuladhane aku weruh omahe Agus merga diduduhi Marni.


dirusuhi (diregedi)
(7) dirusuhi
dirusuhi (diganggu)
Tuladha ing ukara :
(7a) tembung dirusuhi ing ukara kang kapisan dilakokake kanthi cara ngregeti. Tuladhane Jogane lagi disapu, mula aja dirusuhi maneh lho ya!
(7b) tembung dirusuhi ing ukara kang kapindho dilakokake kanthi gawe rusuh utawa ngganggu marang liyan. Tuladhane ing ukara Samijan mambengi ora bisa turu amarga dirusuhi Samidi.
disetel (dikakake)
(8) disetel
disetel (dicocokake)

Tuladha ing ukara :
(3a) Radio ana ing kamar etan kuwi isih durung bisa disetel, isih rusak.
(3b) Rat, yen numpak montor sing ati-ati amarga setang montore isih durung disetel sawise tabrakan wingenane.
Saka tuladha ukara ing ndhuwur bisa dimangerteni yen tembung disetel ing ukara kapisan ngemu teges dikakake, dene tembung disetel ing ukara kapindho ngemu teges dicocokake
4. Homograf ing sajroning homonim
Geger [gәgәr]
(2) geger
geger [gϵgϵr]

tuladhane ing ukara
a. Aku dikongkon ngukur gegere bapak.
b. Sapa sing wis wani gawe geger desa kene.
Panulise tembung geger ing nduwur iku pancen padha nanging tembung geger mau nduweni pangucap kang beda. Kanggo meruhi kepriye pangucap tembung geger kang bener samesthine kita nggunakake panulisan fonetis. Iki disebabake amarga mung nganggopanulisan sacara fonetis bisa diweruhi panulisan antarane {ә} ing tembung geger ing tembung kapisan lan {ә} ing tembung geger. Tembung Geger [gәgәr] ing ukara kapisan nduweni teges perangane awak dene tembung geger [gϵgәr] kapindho nduweni teges kisruh.


Lemper [lәmpәr]
(3) lemper
lemper [lϵmpϵr]
tuladhane ing ukara
a. Mbok yam dodolan lemper ing pasar wage.
b. esuk mau aku sarapan lemper lima.
Panulise tembung lemper ing nduwur iku pancen padha nanging tembung lemper mau nduweni pangucap kang beda. Kanggo meruhi kepriye pangucap tembung lemper kang bener samesthine kita nggunakake panulisan fonetis. Iki disebabake amarga mung nganggo panulisan sacara fonetis bisa diweruhi panulisan antarane {ә} ing tembung lemper ing tembung kapisan lan {ә} ing tembung lemper. Tembung Lemper [lәmpәr] ing ukara kang kapisan nduweni teges piranti kanggo ngulek sambel dene [gәgәr] ing ukara kapisan nduweni teges perangane awak dene tembung lemper [lϵmpϵr] ing ukara kapindho nduweni teges arane panganan.


gendheng
(4) gendheng
gendheng
tuladhane ing ukara
a. wong gendheng kae berak-berok turut ratan.
b. penggaweyane sardi saben dina gawe gendheng.

Panulise tembung lemper ing nduwur iku pancen padha nanging tembung gendheng mau nduweni pangucap kang beda. Kanggo meruhi kepriye pangucap tembung gendheng kang bener samesthine kita nggunakake panulisan fonetis. Iki disebabake amarga mung nganggo panulisan sacara fonetis bisa diweruhi panulisan antarane {ә} ing tembung gendheng ing tembung kapisan lan {ϵ} ing tembung gendheng ing ukara kang kapindho. Tembung gendheng ing ukara kang kapisan nuduhake kahanane wong kang lagi lara jiwa dene gendheng ing ukara kang kapindho nduweni teges arane barang kang kanggo iyup-iyup omah.

Netes [nәtәs]
(5) netes
netes [nϵtϵs]

tuladhane ing ukara
a. endhoge si blorok netes lima.
b. Amarga curigene pecah banyune netes nganti entek.
Panulise tembung netes ing nduwur iku pancen padha nanging tembung netes mau nduweni pangucap kang beda. Kanggo meruhi kepriye pangucap tembung netes kang bener samesthine kita nggunakake panulisan fonetis. Iki disebabake amarga mung nganggo panulisan sacara fonetis bisa diweruhi panulisan antarane {ә} ing tembung netes ing tembung kapisan lan {ϵ} ing tembung netes ing ukara kang kapindho. Tembung netes kahanane endhog dene netes ing ukara kang kapindho nduweni teges kahanan obahe banyu.
godheg [godhәg]
(6) godheg
godheg [godhϵg]
tuladhane ing ukara
a. Anton iku ora nate gelem semaur ning geleme mung godheg.
b. Sarehne godhege dawa dheweke dipopol Pak harjo.
Panulise tembung netes ing nduwur iku pancen padha nanging tembung godheg mau nduweni pangucap kang beda. Kanggo meruhi kepriye pangucap tembung godheg kang bener samesthine kita nggunakake panulisan fonetis. Iki disebabake amarga mung nganggo panulisan sacara fonetis bisa diweruhi panulisan antarane {ә} ing tembung godheg ing tembung kapisan lan {ϵ} ing tembung godheg ing ukara kang kapindho. Tembung godheg [godhәg] ing ukara kang kapisan nuduhake solah bawane sirah dene godheg [godhϵg] ing ukara kang kapindho mujudake sawijine arane rambut.
Nyepak [nyϵpak]
(7) nyepak
nyepak [nyәpak]
tuladhane ing ukara
a. Agus nyepak bal kuwi.
b. Klambine wis nyepak nang nduwur meja.
Panulise tembung nyepak ing nduwur iku pancen padha nanging tembung nyepak mau nduweni pangucap kang beda. Kanggo meruhi kepriye pangucap tembung nyepak kang bener samesthine kita nggunakake panulisan fonetis. Iki disebabake amarga mung nganggo panulisan sacara fonetis bisa diweruhi panulisan antarane {ϵ} ing tembung nyepak [nyϵpak] ing tembung kapisan lan {ә} ing tembung nyepak [nyәpak] ing ukara kang kapindho. Tembung nyepak ing ukara kang kapisan nuduhake pakaryan kang dilakoni sikil dene nyepak ing ukara kang kapindho nduweni teges barang kang wis dicepakake

Ngereti [ngәrәti]
(8) ngereti
ngereti [ngәrϵti]
Tuladhane ing ukara
a. Agus lagi ngereti tebu.
b. Surti senengane ngereti bandhane wong lanang.

Panulise tembung ngereti ing nduwur iku pancen padha nanging tembung ngereti mau nduweni pangucap kang beda. Kanggo meruhi kepriye pangucap tembung ngereti kang bener samesthine kita nggunakake panulisan fonetis. Iki disebabake amarga mung nganggo panulisan sacara fonetis bisa diweruhi panulisan antarane {ә} ing tembung ngereti [ngәrәti] ing tembung kapisan lan {ϵ} ing tembung ngereti [ngәrϵti] ing ukara kang kapindho. Tembung ngereti ing ukara kang kapisan nuduhake pakaryan gawe keret ing tebu dene ngereti ing ukara kang kapindho yaiku nduweni teges pakaryan kang ala amarga ngrusuhi katentremaning liyan.
Merang [mϵrang]
(9) merang
merang [mәrang]
tuladhane ing ukara
a. Pak Sugeng merang kelasku dadi telung kelompok.
b. Regane merang sarit saiki limangatus ewu.

Panulise tembung merang ing nduwur iku pancen padha nanging tembung merang mau nduweni pangucap kang beda. Kanggo meruhi kepriye pangucap tembung merang kang bener samesthine kita nggunakake panulisan fonetis. Iki disebabake amarga mung nganggo panulisan sacara fonetis bisa diweruhi panulisan antarane {ϵ} ing tembung merang [mϵrang] ing tembung kapisan lan {ә} ing tembung merang [mәrang] ing ukara kang kapindho. Tembung merang [mϵrang] ing ukara kang kapisan nuduhake pakaryan ndadekake kelas dadi luwih saka sakelompok dene merang [mәrang] kang kapindho nuduhake arane kulit pari.


Gedheg [gәdhϵg]
(10) gedheg
gedheg [gϵdhәg]
Tuladhane ing ukara
a. Omahe Pak Sur isih nggawe gedheg kanggo aling-aling.
b. Saben ditakoni wong Anton mung gedheg wae.

Panulise tembung gedheg ing nduwur iku pancen padha nanging tembung gedheg mau nduweni pangucap kang beda. Kanggo meruhi kepriye pangucap tembung gedheg kang bener samesthine kita nggunakake panulisan fonetis. Iki disebabake amarga mung nganggo panulisan sacara fonetis bisa diweruhi panulisan antarane {ә} ing tembung gedheg ing tembung kapisan lan {ϵ} ing tembung gedheg ing ukara kang kapindho. Tembung Gedheg [gәdhϵg] ing ukara kang kapisan nuduhake piranti kanggo gawe nutupi omah gedheg [gϵdhәg] ing ukara kang kapindho nduweni teges solah bawane sirah.
gudheg [gudhәg]
(11) gudheg
gudheg [gudhϵg]
Tuladhane ing ukara
a. Sikile Anton gudhegen.
b. Anton seneng mangan gudheg.
Panulise tembung gudheg ing nduwur iku pancen padha nanging tembung gudheg mau nduweni pangucap kang beda. Kanggo meruhi kepriye pangucap tembung gudheg kang bener samesthine kita nggunakake panulisan fonetis. Iki disebabake amarga mung nganggo panulisan sacara fonetis bisa diweruhi panulisan antarane {ә} ing tembung gudheg ing tembung kapisan lan {ϵ} ing tembung gudheg ing ukara kang kapindho. Tembung gudheg [gudhәg] ing ukara kang kapisan nuduhake arane penyakit dene gudheg [gudhϵg].

Ngendhangi [ngәndhangi]
(12) ngendhangi
ngendhangi [ngϵndhangi]
tuladhane ing ukara
a. sing mgendhangi campur sari kae jenenge Agus.
b. Wingi sore aku ngendhangi adiku ing rumah sakit haji.
Panulise tembung ning ngendhangi nduwur iku pancen padha nanging tembung ngendhangi mau nduweni pangucap kang beda. Kanggo meruhi kepriye pangucap tembung ngendhangi kang bener samesthine kita nggunakake panulisan fonetis. Iki disebabake amarga mung nganggo panulisan sacara fonetis bisa diweruhi panulisan antarane {ә} ing tembung ngendhangi ing tembung kapisan lan {ϵ} ing tembung ngendhangi ing ukara kang kapindho. Tembung ngendhangi [ngәndhangi] ing ukara kang kapisan nduweni teges nindakake pakaryan kanthi nabuh kendhang dene ngendhangi [ngϵndhangi]ing ukara kang kapisan nduweni teges marani utawa niliki wong lara.






Dudutan
Homonim yaiku tembung loro utawa luwih kang nduweni pangucap lan panulisan kang padha. Nanging kang mbedakake siji lan sijne yaiku ing teges. Ing jerone teges iku mau uga bisa diweruhi yen homonim uga nduweni pambeda ing sajroning nindakake pakaryan utawa ing jinising aran. Saengga bisa nuwuhake rasa jumbuh ing cecaturan.
Saka andharan kang ana ing dhuwur bisa didhudhut yen homograf yaiku tembung loro kang nduweni panulisan kang padha nanging pangucape bedha. Kanggo meruhi kepriye swara kang sebenere ing homograf kudu ditulis nganggo tulisan fonetis. Saliane iku kang dadi njalari pambeda ing sajroning homograf yaiku disebabake amarga ana bedha pangucap ing sajroning aksara e. Ing basa jawa aksara {e} bisa diwaca {ϵ} lan uga bisa diwaca {ә}. Mula saka kuwi ing sajronig homograf kang ndadekake jumbuh ing sajroning ngucapake tembung kang nduweni panulisan kang padha nanging bedha pangucap dijalari saka perkara ing dhuwur mau. Biasane kang nduweni rasa jumbuh mau yaiku wong-wong sajabane wong jawa dhewe.





























KAPUSTAKAN
Chaer, Abdul.1990. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta : Rineka Cipta
Pateda, Mansoer. 1989. Semantik Leksikal. Ende : Nusa Indah
Sasangka,Wisnu,S.S.T.2008. Paramasastra Jawa Gagrag Anyar. Surabaya: PT Citra Jaya Murti
Verhaar,J.W.M.1983.Pengantar Linguistik. Yogyakarta: Gajah Mada University Press

Tidak ada komentar:

Posting Komentar