Jumat, 03 Desember 2010

cerkak

Calon Mantu
Kira-kira jam sanga esuk Agus wis ngetem ing pos kampling kulon bale desa Ngadirejo. Dhewekan tanpa rowang, ora kaya biasane, ing kana ana Diman karo Parjo sing padha-padha tukang ojeke. Nanging dina iki Diman lagi lara dene Parjo dina iki lagi ngeterake bojone priksa menyang bidan jalaran bojone Parjo lagi ngandhut 7 wulan. Kanggo ngusir sepi Agus ngakep rokok merk Dua Dewi sing dituku saka tokone Pak Dar.
Sinambi klepas-klepus nakep rokoke Agus leyeh-leyeh ing pos kampling kuwi. Pikirane nglambrang eling marang panjaluke mboke supaya cepet-cepet rabi. Pancen sawise ditinggal pacare sing jenenge Sri dhek biyen kae Agus dadi jarang sesambungan karo wong wadon liyane. Jarene Atine isih lara. Sri ninggalne Agus amarga dheweke kepincut karo duda wetan terminal Rajekwesi Bojonegoro jalaran duda kuwi luwih sugih mblegedu tinimbang Agus.
Sejene kuwi Agus minangka anak mbarep uga nduweni tekad nyekolah adhine sing jenenge Fitri kuwi nganti teka Perguruan Tinggi. Dheweke ora kepingin adhine urip susah dadi tukang ojek kaya dheweke. Ngarepake pitulungan ya mokal amarga bapake gendheng karo wong wadon liya lan milih ninggalake Agus, simbok lan adhine nalika Agus isih cilik biyen.
Saking suwene anggene nglambrang pikirane nganti ora krungu yen jenenge diundang-undang kawit mau karo Yuni anake Pak Kaji Marji.
“Kang! Kang! Kang Agus!”
Agus njenggirat kaget.
“ Ana apa ta dhek? Sajake kok wigati banget?” semaure Agus.
“Anu kang, aku arep njaluk tulung menyang sampeyan?”

“Tulung apa ta dhek?”
“Tulung terna aku kang, tulung terna aku menyang kampus. Jalaran iki mau arep njaluk tulung kon ngeterke bapak, bapak lagi gerah. Tekan kampus pira kang?”
“ sepuluh ewu! semaure Agus”.
Batine Agus etung-etung kanggo penglaris jalaran kawit esuk mau durung ana siji-sijiya wong kang nunut numpak ojeke, ya lagi siji iki. Senajan kampuse Yuni mau radha adoh nanging Agus kepeksa ngudhune rega tarif ojeke jalarandheweke rumangsa isin karo Kaji Marji jalaran ya mung Kaji Marji sing gelem aweh pambiyantu marang kaluwargane.
Kira-kira jam lima sore Agus wis bali saka anggene ngojek saiki Agus ganti ngrewangi simboke dodolan kopi ing sangarepe Mitra 10. Sawise ngrewangi simboke dhasar dagangane, Agus dikongkon simboke menyang omahe kaji Marji dhisik sadurunge ngrewangi dodolan. Jalaran wis sesasi iki simboke duwe utang karo kaji marji lan rumangsa isin yen ora enggal nyaur utang mae Kaji Marji. Utang sing ora sepira akeh nanging kanggone Agus sakaluwarga utang iku akeh banget. Untung wae Kaji Marji pawongan kang klebu ora seneng nganakake dhuwit.
Dadi saumpama sawayah-wayah keluwargane Agus yen duwe kepentingan kang ndadak sing sesambungane karo perkara dhuwit ya mung karo Kaji Marji sing dijaluki tulung.
Sawise sembahyang magrib Agus budhal menyang omahe Kaji Marji saperlu nyawisake dhuwit pesenane simboke. Kira-kira jam setengah pitu sore Agus wis teka omahe Kaji Marji. Sawise tekan omahe Kaji Marji lan uluk salam banjur Agus dipinarakne karo Yuni.
Sawise padha lungguh lan ngobrol ngalur ngidul agus banjur ngandhakake perlu dheweke dolan menyang omahe Yuni iki mau.
“Yun, iki aku mau mrene pengin ana perlu karo bapakmu! saiki Pak Kaji ana ngendi?”
“Bapak isih ana mushola Kang, ana perlu apa ketarane kok perlu banget”.
“ora lho, Yun iki mau aku pengin ngetrake dhuwit sing digawa simbokku sesasi kepungkur sing digawe karo simbok kanggo nylameti sewune simbah”.
“Ooo, iku ta Kang! Iki mau bapak isih ana mushola sedhiluk maneh bapak mesthi wae wis mulih”.
Ora watara suwe saka njaba ana kang uluk salam pranyata pawongan kuwi Pak Kaji Marji
Sawise mlebu omah Bapake Yuni banjur takon marang Agus.
“Ana apa ta le kok kadingaren dolan mrene na prlu karo aku apa karo anakku?”
“Mboten kok Pak niki kula wonten perlu kalih panjenengan, niki kula dipun utus kaliyan simbok supados nyawisaken arta ingkang dipun ampil sewulan ingkan kapungkur”semaure Agus.
“Oalah kokesusu timen wong aku durung butuh kok tapi matur suwun ya lee?”
“Inggih pak malah kula ingkang matur suwun”.
Sawise wis nyawisake dhuwit mau banjur Agus njaluk pamit marang Pak kaji Marji. Nanging nalika arep pamitan mulih Pak Kaji Marji njaluk tulung maranga Agus yen ora repot supaya ngeterake Anake menyang Toko Buku Toga Mas kang mapan ing sakulone Aloon-aloon. Amarga sore mau nalika dijaluki anake, dumadakan Pak Imam minangka Modin ing desa kono njaluk tulung marang Pak Kaji Marji supaya ngrawuhi rapat ing baledesa mengko bengi kira-kira jam wolu bengi amarga ing desa kono arep ana gugur gunung sing dianakake dina minggu nagrep.
Amarga rumangsa isin yen nulak panjaluke Bapake Yuni dadi dheweke nyarujuki apa kang dijaluk dening bapake Yuni.
Jam setenah wolu wong loro kuwi banjur budhal menyang toko buku sing dikarepake karo Yuni. Ing dalan Agus guyoni Yuni
“Dhek iki mau yen dakterke apa pacare ora nesu?”
“Pacar apa ta kang, aku lho durung duwe pacar, mengo malah pacare kang Agus sing nesu”.
“Walah pacar sing endi lho, endi wong wadon sing gelem pacaran karo tukang ojek sing motore wae kredite ora luas-lunas” semaure Agus.

Kira-kira jam wolu wong loro iku mau teka toko buku sing dikaepake lan sawise njupuk buku sing dikarepake wong loro iku banjur mulih. Nanging nalika wong loro iku ngliwati mbulak kang dawa. Dumadakan ana wong loro sing ngendhek lakune montor kang ditupaki Agus lan Yuni tanpa sranta wong loro kang misterius mau ngetokake clurit lan ngancam marang Agus lan Yuni supaya menehake bandha kang arupa tas lan sepedhahe yen kepengin slamet.
Nalika salah sijine wong misterius mudhun saka montore lan pengin ngrampas tase Yuni, untunge Agus sing nduwe ilmu bela dir iwis siap siaga, banjur sawise wong iku nyedak Agus langsung njejeg pawongan iku nganti-nganti wong iku mbengok sora aduhhh!!!.... , meruhi kancane tiba kejejeg dening Agus, wog misterius sing sijine iku maju saperlu ngadepi Agus, ora dinyana karo Agus wong sing nduweni awak luwih gedhe dhuwur iku wis nyengkelit ladhing lan nyabetake ladhing iku menyang Agus apese Agus ora sempet ngendhani serangane wong misterius iku mau dadine lengene Agus catu kena ladhine wong misterius iku mau. Untunge catune ora nemen lan Agus isih rosa lan isih bisa males menyang wong iku wong sing nyabetake ladhing mau diantem lan dijejeg dhadhane nganti tiba njongor. Rumangsa kasoran wong loro iku ngeblas mlayu. Bengi kuwi mbulane mung separo dadine praiaene ora pati cetha.
Meruhi kahanan kang kaya mangkono mau Yuni keweden, nanging Agus kandha marang Yuni yen ora apa-apa, saking wedine meruhi catu kang ana ing lengene Agus banjur Yuni ngajak Agus mampir menyang Dokter saperlu nambani catune. Untung wae catune ora nemen sawise ditambani banjur Agus diijinake mulih.
Satekane omah, wong loro iku dadi tangis-tangisan karo keluargane dhewe-dhewe tekan omahe Kaji Marji Agus rumangsa kaget amarga ing kono. Banjur Agus takon marang simboke”Mbok, kok panengan kok wonten mriki lha sadeyanipun kalawau wau ingkang ngrewangi sinten?”
“Iki mau aku direwangi adhimu nanging iki mau adimu pamitan dhisik jalaran sesuk dheweke ana ulangan. Saliyane anggenku mrene iki pengin nggoleki awakmu jalaran wong dikongkon ngeterake dhuwit wae kok ora bali-bali, sawise takgenahake banjur aku mangerteni yen kowe tibake ngeterake Yuni menyang kutha. Mbok suk-suk kono pamitan dhisik sadurunge lunga.”
“Inggih mbok!!” semaure Agus. Ing batin Agus rumangsa salah jalaran dheweke ora pamitan marang simboke nalika ngeterake Yuni menyang took mau.
Meruhi kahanane Agus kang kaya mangkono lan weruh tangane anake diperban simboke Agus nangis nggigluk, amarga wedi yen catune anake iku abot.
Sawise dijelasake dening Agus yen ora ana apa-apa lan dheweke banjur wong saomah iku lagi isa mangerteni yen Agus lan Yuni ora apa-apa. Mung lengene Agus kang catu kena gamane rampog iku mau. Tujune catune ora nemen.
Meruhi kahanan kang kaya mangkono kaluwargane Yuni ora bias ngucap apa-apa mung ngucapake matur nuwun sagedhe-gedhene marang Agus amarga Agus wis nylametake Yuni anak siji-sijine. Sawise anggene jagongan radha suwe Agus lan simboke pamit mulih. Kira-kira jam 10 bengi Agus nalika tekan ngomah sawise sembahyang isya’ dheweke langsung turu. Esuke dheweke ora ngojek amarga jarene tangane isih njarem. Rong ndina suwe Agus ora ngojek.
Nalika Agus lagi enak-enak njaga warunge ibune dumadakan Pak Kaji Marji dalah kaluwargane teka menyang omahe Agus kanthi gawan kang ora sethithik. Sawise dipinarakake Pak Kaji Marji takon marang Agus, yen simboke ana ngendi amarga ana perlu karo simboke.
Agus ora ngira yen dina iki ing omahe ana rembug kang wigati banget natrane bapake Yuni karo simboke Agus. Banjur sawise iku wong lima mau padha lungguh bnreng.
“Nuwun sewu niki wau wonten napa nggih kok Pak kaji sakaluwarga mboten biasane tindhak mriki sajake kok wonten perlu kang wigati banget” mbokne Agus mbukani rembug.
“Maksud kula sowan mriki sepindah inggih badhe ngraketake silaturahmi ingkang kaping kalih keparenga putrane panjenengan inggih menika Agus kula badhe rayat.” Kandhane pakne Yuni.
“Maksude pripun?” simboke Agus radha bingung.
“mangkene Yu,” mbokne Yuni Njlenterake, “yen kepingin ngomah-omahake Agus karo anaku iki”.
Suwe simboke Agus ora bisa kumecap. Nalika kumecap malah tetembungan kang werna-werna, simboke Agus ngudarasa yen kahanane kaluwargane iki yen kaluwargane Yuni ibarating bumi klawan langit.
“Yu, kula ngemah-ngemahake lare punika mboten milik bandha nanging kula milik lare jaler kang saged momong anak kula.” Tandhese bapakne Yuni.
“Ya wis mangsa borong, pakne Yun. Nanging apa bocah loro iku ora kabotan yen awake dhewe jodhoake mengko awake dhewe sing ning malah anake dhewe kang kelara-kelara merga ora seneng siji lan sijine.”
Sing ditembung Agus lan Yuni mung klecam-klecem, untung wae wong-wong tuwa iku tanggap ing semu dadi kanggo ora ndedawa crita wengi iku dirembug sisan kapan bocah loro iku diadhepake marang pengulu.
Kaya ngapa bungahe atine Agus nanlika dheweke dilamar karo kaluwarga Yuni, dheweke ora ngira yen dheweke kang kesrakat bisa rabi karo bocah prawan sing saayu-ayune lan sasugih-sugihe desa kono. Ing atine takon apa iki kang jenenge garising pepesthen.
Kanggo Mitraku ing kontrakan “DERITA MAMUR” babatan G/IV F




1 komentar:

  1. aftershokz titanium - TITanium-Arts
    For all natural beauty lovers, damascus titanium at babyliss pro nano titanium flat iron a glance. Our titanium bike frame head-high-quality and unique head-cover made for your surgical steel vs titanium body, this titanium prices is the perfect head for your

    BalasHapus