Jumat, 03 Desember 2010

cerkak

Dhek I’in

Sore iku nalika aku cangkrukan karo kanca-kanca sakontrakan, aku nampa sms saka adhiku. Mas suk Jim,at muli ya! Soale mbak Yanti anake Pakdhe Tarjo kae rabi lho! Sms langsung tak balesi ya suk jemuah aku mulih. Ketepakan dina Jemuah sesuk kuwi , aku ora ana kuliah. Soale dosene lagi ana rapat ing universitas.
Dadi aku suk jemuah bisa budhal numpak sepur sing jam wolu esuk dadi mengko yen teko omahku kira-kira jam siji awan. Jam setengah pitu esuk aku wis budhal saka kontrakan.
Aku milih numpak sepur amarga numpak sepur kuwi murah banget yen dibandhengake karo angkutan liyane. Yen dibandhingake karo numpak bis bisa tekuk pindho malah bisa tikel telu.
Lha kepriye ora murah mung 5500 kango ongkos Surabaya-Tulungagung. Watara jam setengah wolu aku wis teka stasiun wonokromo banjur aku cepet-cepet tuku karcis lan langsung mlebu menyang peron stasiun. Ora watara suwe sepur sing ak tunggu wis teka. Sawise kuwi aku mlebu gerbong lan milih gerbong sing tengah.
Esuk iku ora kaya esuk biasane, amarga jarang banget sepur saka Surabaya-Tulungagung wis kebak penumpange yen isih teka Wonokromo, pikirku paling ya dina liburan. Dadi akeh sing pengin mulih menyang ngomahe dhewe-dhewe.
Esuk kuwi aku kungguh jejer karo wong sing umure paling kira-kira 40 taunan. Wong jian nggarai aku mangkel tok! Lha kepriye ora? Kabeh-kabeh ditekokake. Ndi sing tulungagung kuwi ngendilah, endi sing kok sandhalan jepitlah. Wah pokoke yen tak critake bisa dadi 20 lembar.
Untung wae esuk kuwi hawane isih seger lan aku dhewe isih krasa ngantuk amarga sewengi aku ora tutu amarga ps-an karo kancaku. Pungkasane wong mau taktingal turu timbangane aku kesel jawab kabeh pitakone.
Nanging kaya ngapa kagetku sawuse aku nglilir l;ha sing ana ngarepku kok dadi ana bocah wadon sing ayune ngedab-ngedabi. Batinku ko ana widadari sing melu numpak kreta rapih dhaha iki.
Nanging bocah mau karo miseg-miseg katone lagi ana masalah. Bareng dak wane-waneake aku takon, “ana apa ta mbak? Kok katone lagi ana masalah?” pitakonku. Ora lho mas, iki mau dompet lan hp-ku ilang kecopet nalika kau munggah sepur mau, jawabe. “Lha sampeyan iki arep menyang ngendi lan saka ngendi?” . “Aku teka Jombang lan arep menyang Tulungagung”. “Lha, mas dhewe iki arep menyang ngendi?” “aku saka Surabaya lan arep mulih menyang tulungagung”. Kebeneran mbak mengko bisa dakterake sisan, sampeyan tulungagunge sing sisih ngendi tho sapa ngerti aku weruh? “Anu mas aku tulungagung sing sisih kidul yen ora salah desane jenenge Sambidoplang ngono mas. “Wah! lha kuwi lak kidul desaku pas, jawabku”. Aku nyuwun tulung oleh ta mas! Amarga aku lagi pisan iki aku dolan menyang Tulungagung. Sabenere tujuwanku iki arep tilik mae pakdheku sing jarene lagi arep mantu anake sing mbarep. Yen oleh weruh sampeyan asmane sapa ? kula bagus mbak. Lha mbake dewe jenenge sapa? Jenengku Intan mas, lan mas bisa nyeluk aku I’in.
Ora krasa suwi anggenku cecaturan karo bocah sing jenenge Intan utawa I’in kuwi sepur sing daktumpaki wis teka stasiun Kertosono. Kaya adatesaben teka Kertosono sepur sing dak tumpaki mesthi ganti ndas! Bareng sepure mandeg saperlu ganti ndas aku age-age metu lan langsung tuku sega pecel tumpang. Bareng pecel loro tak bungkus langsung aku munggah maneh menyang kreta lan menehake sega sijine kuwi kanggo I’in ora lali aqua gelasan adem dadi kanca pecel tumpang mau. Awale I’in nulak sega mau mbuh perkara isin paling?. Bareng dakandhani yen tulungagung kuwi kira isih adoh kira-kira yen cepet rong jam maneh kuwi durung yen kres kara karo sepur liyane bisa luwih siwe maneh. Pungkasane I’in gelem nampa pecel mau. Lan sarapan bareng karo aku.
Ora krasa sepur sing daktumpaki karo I’in wis mlaku maneh. Ing sadhawane dalan aku oleh kanca kanggo mong-omongan. Mbuh, apa iki dina tironku kamangka sasuwene aku bola-bali menyang Tulungagung-Surabaya pp mung pisan iki aku oleh kanca Kenya sing ayune ngedab-ngedabi. Sing jenenge I’in au banjur tak guyoni ngene!
Kok dhewekan wae! Lha nangdi pacare kok gak ngeterake ? krungu pitakonku bocahe mung mesem wae. Malah balik takon marang aku lha mase dewe mengko apa ora wedi karo pacare yen mase mulih bareng aku karo mengko ngeterake aku pisan hayo! Ngono takone. Krungu semaure I’in mau aku malah ngguyu, Oalllah sapa sing are nesu lha mung pacar wae durung duwe semaurku. Aku dewe ya durung duwe pacar ngono kandhane I’in jarene dheweke isih pengin konsentrasi anggenku kuliah lho mas.
Krungu wangsulane I’in mau langsung tak saut dadi awake dewe iki klebu IMJSI. Krungu IMJSI I’in katon bingung lan takon IMJSI iku apa ta mas? IMJSI iku cekakan saka Ikatan Mahasiswsa Jomblo Seluruh Indonesia. Krungu wangsulanku dheweke guyu lan nyablek aku mas iki isa wae.
Nalika daktakoni kuliah ana ngendi banjur dheweke semaur yen kuliah ana IKIP Surabaya aku kaget kamangka aku ya kuliah ing kono. Ora ngiraI,in kuwi mahasiswa sangisorku nnging bedha jurusan aku jurusan guru sd dheweke jurusan guru tk, Kira-kira jam setengah loro awan sepur sing dak tumpaki wis mandheg ing Sumbergempol.
Sawise kuwi aku lan I’in metu saka kreta. Sawise ngecek ana sing keri apa ora aku mudhun saka kreta lan langsung nyegat angkutan sing liwat desaku uga ngliwati omahe pakdhene I’in. Ora watara suwe angkutan sing taktunggu wis teka aku lan I’in langsung munggah angkutan mau. Nanging kaya ngapa kagetku nalika I’in nudhuhake alamate pakdhene. Jebule I’in kuwi Ponakane pakdhe Tarjo ya ora liya sing arep mantu mbak Yanti kuwi. Sawise ngeterake I’in teka mae pakdhe Tarjo aku banjur pamit bali. Ora lali I’in uga menehake alamate sing Jombang supaya aku yen lagi senggang bisa mampir menyang omahe. Kedadeyan iku wis kedadeyan watara 5 taun kepungkur nalika aku isih kuliah. Sing jenennge I’in mau wis resmi dadi garwaku lan saiki aku lan dheweke wis padha dadi guru lan PNS. Malah setaun kepungkur aku lan Dhek I’in wis pinaringan anak kang bagus lan sehat bocah kuwi dakwenehi jeneng Bambang Wicaksana supaya ing tembe mburine bisa dadi wong kang wicaksana.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar