LELAKON
Kira-kira jam rolas awan anggenku ngayahi kerja minangka tukang sapu ing pasar Beji wis rampung. Banjur aku mulih menyang omahku kang mapan ana ing desa Beji kira-kira adohe karo pasar panggenanku nyambut gawe mung 500 meteran. Tekan ngomah banjur aku menehake dhuwit opah saka anggenku nyapu pasar mau kanggo sisihanku saperlu kanggo blanja butuh kanggo buka mengko sore. Untung wae beras kang ditukokake anaku sadurunge anak lan mantuku biyen isih ana dadi aku mung perlu tuku lawuh lan jangane wae. Ancene urip ing jaman saiki sing sarwa larang bisa mangan wae aku wis bisa ngucapake sukur. Apa maneh ingatase aku dewe mung tukang sapu pasar.
Sawise mangan lan sembahyang dzuhur aku leren sedhela leyeh-leyeh ing omahku kang prasaja karo ngenteni iyupe srengenge. Jan-jane anak-anaku wis padha ngakon aku supaya leren saka anggenku nyambut gawe dadi tukang sapu ing Pasar Beji. Jarene wis tuwa mesakake yen mengkone bakal kesel. Nanging aku nulak jalaran aku ora biasa nganggur.
Sawise jam loro sore banjur aku budhal menyang sawah saperlu nggoleake pakan kanggo ingo-ingonku. Wedhus sing ditukokake anaku rong taun kepungkur saiki wis bernah dadi lumayan akeh cacahe saiki dadi papat. Babone ana loro lan anakane uga loro. Ya ingon-ingonku iki sing dakgawe cagake urip yen sawayah-wayah berase entek bisa diedol kanggo nempur beras.
Jam lima sore aku wis bali mulih sawise ngebruake pakan banjur aku adus lan nindakake sembahyang asar. Karo ngenteni tekane adzan magrib aku lingguh ana lincak ngarep omah. Nalika aku lungguh ana lincak mau aku meruhi tanggaku kang lagi masang umbul-umbul. Aku lagi kelingan yen saiki wis mlebu sasi Agustus lan sedhela maneh tujuh belasan. Meruhi kedadeyan iku pikiranku dadi nglambrang tekan ngendi-ngendi, tekan lelakon kang nate
daklakoni puluhan taun kepungkur nalika aku isih enom lan dadi sawijining prajurite TKR.
Pancen ora ana wong sing pengin nindake perang. Kabeh wong iku mestine ngarepake urip kang tentrem lan ayem, nanging nyatane nalika kuwi Indonesia lagi dijajah dening bangsa Walanda. Lan aku minangka nom-noman kala semana atiku kaceluk supaya melu bela Negara.
Nalika kuwi kahanane Indonesia wis mardika amarga dhek tanggal 17 agustus 1945 Pak Karno wis macakake proklamasi. Nanging bangsa Walanda ora trima yen mardika dadine sawise Pak Karno macakake proklamasi bangsa Walanda teka maneh menyang bumi pertiwi kanthi topeng NICA. NICA dewe iki asline mujudake tentarane sekutu kang pengin nglucuti gamane tentara Jepang kang isih ana ing Indonesia. Apese tekane tentara NICA ing Indonesia iki ditumpangi dening tentara Walanda dadine bangsa Walanda duwe tekad kanggo ngrebut Negara Indonesia saka tangane pamarentah kang sah.
Tekane bangsa walanda kang nggawe topeng NICA iku diarani agresi belanda. Kanggo ngadepi agresine walanda mau maneka werna cara kang dienggo ngadepi Agresi mau. Pak karno lan pemimpin liyane akeh kang milih nganggo jalur diplomasi, jalur iki dipilih amarga dirasa ora mbebayani tumrap nyawane warga Indonesia. Ananging yen gawe cara iki dirasa bangsane dewe dirugeake dening bangsa walanda. Amarga wilayah negarane dadi tansaya ciut.
Mula saka kuwi Pak Dirman milih jalur konfrontasi utawa jalur perang. Jalur iki dirasa bisa kanggo mbalekake wilayah negarane dewe kanthi wutuh. Senajan gaman kang diduweni para TKR nalika kuwi kalah adoh yen dibandingake karo bangsa walanda nanging Pak Dirman tetep yakin yen para TKR bisa menang nglawan agresine walanda. Kanggo nyiasati mugsuh kang nduweni gaman kang luwih modern Pak Dirman nindakake perang sacara gerilya. Perang gerilya iki ateges perang kang dilakoni sacara singidan.
Aku uga isih kelingan nalika nindake perang gerilya kudu mlaku kanthi ngliwati gunung, alas lan jurang kang adohe atusan kilometer. Saliyane iku aku uga isih kelingan kaya ngapa gedhene semangate Pak Dirman nalika nindake perang gerilya senajan panjenengane lagi gerah kang nemen nanging panjenengane ora gelem leren malah tetep mimpin perng gerilya senajan kudu ditandu. Tandu iku dipikul para anak buahe kalebu uga aku. Kabeh ora ana sambat amarga Pak Dirman ngono minangka pawongan ahli ing strategi perang.
Dadi pejuang iku ana senenge la nana susahe, senenge bisa bela Negara saengga para anak putu bisa ngrasakake urip ing jaman kamardikan. Dene susahe yaiku yen kelingan nalika mateni mungsuh ing palagan. Yen kelingan perkara sing siji iki atiku krasa ora jenjem lan aku sarwa keweden. Lha kepriye, penjajah bangsa walanda iku lak ya padha manungsane, wis samesthine padha nduweni sanak sedhulur kang padha ngenteni baline. Aku uga ngrasa yenaku karo bangsa penjajah iku santatane padha. Yaiku minangka wong kang padha nglakoni tugas Negara.
Mbuh pira wae anggenku ngilangake nyawane para walanda iku, aku wis ora kelingan. Umpama aku ora mateni wis mesti aku dewe kang nemahi pati. Soroting mripat pawongan kang tiwas ing tanganku kerep nekani aku rikala pikiranku nglambrang kaya ngene iki. Yen wis kaya mangkono aku mung njaluk sepura marang Gusti Kang Akarya Jagad.
Pancen lelakon iku wis mataun-taun kapungkur malah kedadeyan iku wis ana 50 taun luwih nanging kaya-kaya kedadeyan iku lagi kedadeyan wingi. Senajan aku rumangsa bener amarga aku nindake iku mau kanggo bela Negara nanging ati iki kaya-kaya ora bisa mbenerake yen ngilange nyawane manungsa iku mujudake lelakon kang bener.
Dadi pejuang iki aku ora kepengin nampa pangajab saka wong liya. Nanging aku kepingin diajeni tumrap Negara. Yen kelingan siaran kang ana berita wingi atiku dadi miris nalika weruh para veteran perang saangkatanku akeh kang ditulak pengajuane nalika ngajoake pensinan veteran. Jarene datane isih ana sing kurang jangkep. Aku dewe uga wis bola-bali ngajokake pensiunan veteran nanging tetep tulak.
Lagi taun kepungkur aku isih bisa ngrasakake dana veteran iku. Malah-malah ora daknyana nalika kuwi omah disambangi karo tamu sing jare saka Jakarata. Tamu iku saka Republik Mimpi kang biasane disiarake ing Sawijing tv swasta. Aku dadi bingung kamangka aku dewe ora nduweni sanak utawa kadhang kang mapan ing Jakarta. Saka ngendi wong-wong iku padha ngerti yen aku iki sawijining pejuang kang uga melu nandhu Panglima Jendral Sudirman nalika semana. Sawise dijelasake karo salah sawijining tamuku mau aku lagi mangerteni yen jenengku iku kecatet ing buku kesatuan TKR kang lagi diteliti kanggo nggolekei sapa-sapa wae kang nate dadi ajudane Pak Dirman.
Sawise anggenku jagongan karo tau saka Jakarta iku radha suwe. Banjur rombongan saka Jakarta iku pamitan mulih. Sadurunge mulih rombongan saka Jakarta iku menehi aku dhuwit kang akeh banget jarene Dhek Pendik sawijing saka rombongan iku, dhuwit iki kanggo nguntabake rasa matur nuwun kanggo para pahlawan kang during padha nampa dana pensiunanveteran. Nampa dhuwit kuwi ora krasa luhku mbrebes mili, aku rumangsa tibakna kok isih ana wong kang gelem merhatekne nasibe para pejuang kaya aku iki.
Aku duwe tekad dhuwit iki ora bakal dakenggo dewe amarga dhuwit iki uga dadi hake uwong akeh. Dhuwit iki uga bakal dukedom karo kanca-kanca saperjuangan kang mapan ing tlatah Tulungagung. Untung wae kanca-kanca isih akeh sing padha waras senajan umure wis akeh nanging isih katon enom. Mbuh apa iki jenenge anugrahe saka Gusti Kang maha Kuwasa. Saliyane iku kekarepanku kanggo ngedum dhuwit iku mau jalaran akeh kanca saperjuanganku sing uripe kesrakat banget malah-malah ana kang temekan seprene durung duwe omah lan sasuwene iku numpang ing omahe dulure.
Ora krasa anggenku metani sekabehane lelakon kang tau daklakoni iku suwi banget nganti-nganti aku ora keprungu swara adzan magrib. Nalika aku isih meneng amrga pikiranku isih nglambrang metani sekabehane lelakon kang nate dak lakoni awaku krasa ana kang hoyag. “Kung, Kakung sampun wancinipun buka,” kandhane putuku.
“Ya, Le bukawa dhisik! Kakung isih arep sembahyang magrib dhsik”.
Ya pancen saiki aku dikancani putuku. Sawise anakku gedhe lan meruhi urip nang jawa kang sarwa larang tur angel. Mula anakku lan mantuku padha kerja dadi TKI menyang Malaysia. Dene putuku melu aku tetep nang Jawa.
Bubar buka aku lan putuku omong-omongan ing ruang tamu. Karo ngenteni budhal teraweh aku takon marang putuku.
“Le,sesuk kowe apa repo?”
“Mboten mbah, wonten menapa?”
“Nek ora sesuk melu aku ziarah menyang taman makam pahlawan”
“Wonten menapa ta Kung kok ziarah dhateng makam pahlawan”.
“Anu lho le, iki ngono kanggo pangeling-eling lan kanggo nguntabake rasa matur nuwun tumrap para pahlawan kang gelem ngorbakake nyawa supaya generasi penerus ing tembe mburine, saliyane iku generasi penerus kalebu awakmu aja sepisan-pisan nglalekake jasa-jasane para pahlawan lan awakmu dalah generasi penerus kudu njaga lan ngisi kamardikan iki .”
Sawise aku kandha kaya mangkono iku pungkasane putuku gelem nyarujuki panjalukku. Atiku rumangsa seneng amarga putuku wis gelem ngregani jasa-jasane para pahlawan. Nanging keri-keri iki ana kang gawe atiku kranta-kranta yaiku nalika kesiar kabar yen arep ana pihak kanga rep ngadol monumene Panglima Jendral Sudirman. Krungu kabar kang kaya mangkono iku aku mung njaluk marang sing kuwasa lan pihak-pihak tertamtu supaya monument iku ora sampek kelkadol Jalaran supaya genersai anyar iki bisa meruhi jasa-jasane para pahlawan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar