Jumat, 03 Desember 2010

cerkak

Facebook Anyar

Sore iku udane deres banget. Hawane adem, angine gedhe. Sing keprungu mung swara bledeg sing kawit mau jledar-jledor kang tansaya gawe mirising ati. Swara kewan sing keprungu mung swara kodhok kang ngajak manungsa ngajak ngucap syukur marang udan sing dikirim karo Gusti kang Maha Kuwasa. Aku unjal ambegan landung amarga udane deres aku sing kawit mau kepingin metu ora saiki malih dadi aras-arasen. Sajane wis kawit mau aku kepingin metu saperlu golek tugas mata pelajaran sejarah sing diwenehake kato Pak Ahmad awan mau. Atiku ya rada mangkel!
Lha kepriye ora mangkel! Saben ana tugas mesthi dikon golek artikel saka internet. Sepiasan-pisan ya demen nanging, yen terus-terusan ya malih dadi mangkel apa maneh yen mangsa rendheng ngene. Isine mung nggrundel tok. Tapi ya oke lah kalau begitu! Mengko yen udane wis terang aku buudhal. Supaya entuk biji sing apik sanajan udan ya ora apa-apa itung-itung mengko bisa ol(on-line) utawa jenenge sing luwih kondhang yaiku Facebook-an utawa fb-an. Sapa ngerti bisa oleh kanca anyar utawa yen lagi jodho bisa oleh cewek ngono lho!
Jan-jane aku iki ya ora elek nemen lho. Lha wong nang desa lan sekolahanku sapa sing gak ngerti sing jenenge Ferdy. Bocah paling bagus anake Pak Lurah Gedhangan.Saliyane bagus aku iki ya pinter iku kabukti saka prestasiku ing sekolahanku SMA 1 Geger. Ora pengin sombong nanging sing sabenere ya kaya mangkono kuwi.
Anehe, temekan saiki kok ora ana bocah sing kecantol karo akau kamangka jare wong-wong saka bebet,bobot, lan bibit, aku pancen unggul sakabehe. Wis saiki bali maneh menyang golek tugas lan fb-an! . Sawise tugasku mari sajane aku pengin mulih. Nanging, nalika aku arep mulih dumadakan udane teka maneh apese aku ali ora gawa mantel. Wis kadhung ing warnet ya mbukak facebook wae pikirku. Itung-itung karo ngenteni udane terang.
Sawise fb tak bukak kok kebeneran ana bocah sing lagi on dadi ya kena diajak chatingan ngono lho!. Bareng nobrol ngalor ngidul bocah kuwi jenenge Ratna omahe ing Kertosono. Lan wis kelas 2 SMA dadi ernahe adhik kelasku. Dina-dina candhake aku lan dheweke tansaya akrab ora mung fb an nanging saiki uga SMS-an lan kadhang-kadhang ya telpon mbarang.
Dina ganti minggu lan minggu wis ganti sasi ora krasa sesambunganku karo Ratna wis ana 3 sasinan. Nanging aku lan Ratna mung kekancan wae. Dina minggu nepaki karo liburan semester Ratna ngajak aku dolanmenyang omahe ing Kertosono. Krungu pangajake Ratna mau senengku ya ora kaprah lha lagi pisan iki sasuwene aku uripku diajak dolan karo bocah sing pasuryane kinyis-kinyis sanajan durung tau kepethuk yen krungu swarane kaya mangkono aku bisa mbayangake yen sing jenenge Ratna kuwi kaya Dewi Sinta sing ayune ngedab-ngedabi.
Nanging kaya ngapa kagetku sabubare kepethuk Ratna, jebule dheweke ngundang aku menyang ngomahe iku kanggo nyekseni yen dheweke dijodohake wong tuwane karo anake kancane bapake. Kaya ngapa rasane atiku ora bisa dakgambarake nalika kuwi, rasane lara banget amarga sasuwene iki tresnaku karo dheweke jebule keplok sisih. Daktatatag-tatagake atiku supaya bisa mesem sanajan ati iki remek kaya krupuk singdipidhek gajah tingti sing nang film kera sakti kae lho! ngerti dhewe ta? Kaya apa rasane atiku? Sawise acara jejodhoan mau mari aku enggal bali. Ora lali aku ngucapake slamet lan ora lali ndongake supaya bisa dadi bojone sing nresnani lair lan batin.
Sawise dina kuwi kabeh sing ana kaitane karo sing jenenge Ratna arep dak lalekna kabeh.Saiki facebookku wis tak busek, no hpne Ratna ya wis tak busek saya pengin nglalekake Ratna tansaya kelingan. Umpama imanku ora kuwat paling aku wis mlebu RS Menur. Nanging sawise mlaku pirang-pirang dina lan aku konsen marang UAN sing arep dak lakoni wewayangane Ratna wis bisa daklaleake.
Bareng wis ana 2 taun saka kedadeyan iku aku saiki wis dadi Mahasiswa ing Sawijining Universitas ing Surabaya. Nalika kuwi aku lagi ngospek Mahasiswa anar ing panggenku kuliah. Ana siji mahasiswa anyar sing nyolong kawigatenku bareng daksawamg temenan jebule bocah iku…..! ora liya ya Ratna mangkono pandakwaku. Nanging anehe ing idcard jenenge kok Safitri. Ah paling mung mirp wae ngono pikirku.
Wektu terus lumaku lan aku karo sing jenenge Safitri iku tansaya cedhak, awale mung wiwit saka ketemu wayah budhal lan mulih bareng numpak sepur Rapih Dhaha. Saben aku mulih menyang kutha asalku Tulungagung lan bali menyang Surabaya saka Tulungagung, aku mesthi kepethuk dheweke. Ya saka kono iku aku kenalan karo dheweke lan weruh yen omahe ana ing Purwaasri. Dadi aku tansaya yakin yen Safitri iku dudu Ratna kanca raketmu biyen sing dijodohake karo bapake.Wektu terus lumaku lan saiki wis mlaku sawatara 2 anggenku sesambungan karo Safitri lan sing. Nanging kaya ngapa kagetku nalika Safitri ngenalalake aku kro wong tuwane. Amarga aku nag kono weruh pawongan sing padha karo Safitri kena diarani kaya jambe disigar dadi loro. Lan ora liya maneh pawongan iku mau jenenge Ratna bocah sing banget daktresnani nalika semana. Jebule Safitri iku kembarane Ratna. Ing kono Safitri blaka suta yen sejatine dheweke duwe dulur kembar sing jenenge Endang Ratnawati sing biyen tau manggen ing Kertosono. Dene jeneng asline Safitri Endang Safitri. Bareng mbakyune rabi terus omah-omah ing Purwaasri.
Kedadean iku pancen wis ana 6 taun kepungkur, Safitri wis dadi sisihanku lan wis pinaringan dening Gusti pinaringan putra cacah loro lanang lan wadon sing lanang jenenge Ahmad Mustakim dene putraku sing wadon jenenge sing jenenge Dewi Kumalasari dene Ratna mau saiki dadi mbakyu ipeku. Oalahhh! Apa iki sing diarani ora kena mbakyune malah kena adhine. Saiki aku ung bisa ngucap syukur marang apa wae kang wis diparengake dening gusti.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar