Jumat, 03 Desember 2010

cerkak

Dening : Zuly Kristanto
Krudung abu-abu

Dina senen kaya padatane. Sadurunge mlebu sekolah, aku karo kancaku cacah loro yaiku Davit karo Agus dorongan ing treteg lor sekolahanku. Dhasar bocah ndableg, tetembungan sing ora pantes kewucap entheng wae. Dhisik-dhisikan mbarisake jenenge kewan kawit saka kewan tengu nganti kewan gajah. Uga ora lali kawucap pirantine awak, wong nakal lan liya-liyane. Kabeh mau diucapke kanthi suwara sabanter-bantere lan diterusake ngguyu ngakak bebarengan. Apa maeh yen weruh kancane nggandheng cewek, walah………! Nek ngenteki sampek entek emek kurang golek.
Kahanan sing kaya mangkono jelas nggawe bocah wadon sing genah abang kupinge, mangkel atine. Batinku karo kancaku loro mau, yen ana kanca sing mangkel tansaya bungah atiku. Ana kang besengat-besengut, ana sing plerak-plerok ana sing nggrundel malah-malah ana sing omong yen ambeke iki lambe jebat. Apa maneh yen kepethuk karo kancaku sing jenenge Astri mesthi wae tukaran. Kaya kedadeyan dina iki. Nalika enak-enak nyangkruk sinambi ngobrol ngalor-ngidul lan mbarisake jeneng kewan. Astri liwat karo sengaja nabrakake sepedhahe ing panggonan aku lan kancaku nyangkruk mau. Untunge aku bisa ngendha. Wah… ati iki kaya-kaya digodhog panas banget. Lan kuping iki dadi abang wis ngalah-ngalahke gendhera negarane dhewe. Banjur sing jenenge Astri takgodhag apese wayah aku arep nggodhag Astri bel masuk keprungu. Aku banjur mlayu mlebu menyng plataran sekolahan. Dina kuwi jam pertama yaiku pelajaran Bahasa Indonesia nepaki gurune ora rawuh. Iki wayahe balas dendam batinku. Dadi ing njero kelas mau aku langsung nglabrak Astri saperlu golek katerangan kena apa dheweke kok arep nabrak aku.
Emane dheweke ora gelem mangsuli sakabehi pitakonku lan mesam-mesem katone ngenyek aku. Walah… ora kekahen cingcong, langsung wae kawetu tembung-tembung sing ora pantes kewecap sing dadi andhalanku kawit saka jeneng kewan, jeneng perangane lan aku ngerti yen Astri iku wedhi karo walang. Dadi astir dakoyak saliyane terus dakelok-elokna karo dakden-deni walang. Apese Astri keplese lan sirahe kebenthuk sikilan meja.
“Diterusake, awas! Tak laporake Pak Joko, ancame Tika.
“Yen wani ! tantange Davit……
“Ngapa ora wani” balese Tika karo nuli mlangkah marani Astri kang nangis sesenggukan.
“Tak kethak, amblas sirahmu ancamku,” ancamku karo mlaku ngedoh saka panggonane Astri tiba. Ora daknyana-nyana duamadakan aku diparani Tika. Sing kawit mau mung meneng wae lan dheweke takon marang aku. “Ana apa ta Pram?, yen ana masalah lak isa dirembug kanthi cara apik ora usah nganggo ngedhen-ngedheni lan guneman sing kaya ngono kuwi” kandhane Tika. Kanthi sorot mripat kang tajem lan eseme kang manis nginthil ing tutuke.
Edan tenan! Lagi iki aku ora bisa ngomong ing ngarepe bocah wadon. Apa meneh nganggo omongan kang kurang tata kaya biasane nganggo omongan kang nggenah wae angele setengah mati. Cangkem iki rasane kekunci. Akhire aku mung mesem tipis sarana kepeksa. Kaya kena hipnotis akhire aku njaluk ngapura karo Astri. Ya iki selawase aku sekolah ing kene lagi iki aku gelem njaluk ngapura karo wong liya. Iki ngono amarga omongane Tika. Edan! Tika pancen…… ahh, embuh. Aku ora bisa mbayangake.
Kedadeyan kuwi terus kaputer ing angen-angenku. Kenya siji iku pancen wis ndadekake aku mikir dawa marang kabeh kelakuwanku sasuwene iki. Panyawange, eseme kang manis, solah bawane kang merbawani, ukarane…….. Hmmm, nggemesake!
Tika pancen bedha karo bocah wadon liyane. Kenya siji iki senengane nganggo krudung abu-abu wahhh! Kok kebeneran aku uga seneng karo warna abu-abu. Lha lak ngono rak ya jenenge? Ahh ora aku malah mikir sing ora-ora. Tika ngono ora mung ayu rupane tok. Saka solah bawane kang merbawani iku wis bisa nggambarake ayune atine Tika dadi aku wis ora gumun yen saben-saben guru kang ngasta ing kelasku mesthi ngelem dheweke. Pancen kaya mangkono kuwi kasunyatane. Intan pancen sampurna! Paling ora kanggoku. Kapan ya, aku bisa kaya Tika? Bisa malih dadi bocah kang disenengi lan diajeni karo knca-kanca. Apa aku kudu pinter? Apa aku kudu ayu kaya Tika? maksude ayu atine. Terus terang wae aku iki wis kesel saben dina mung dadi bahan omongane guru-guru lan ukuman kang diwenehake guru kanggo aku wis dakanggep sega jangan.
Sebel! Saking sebele terkadang aku malah aku sengaja gawe ulah. Carmuk ngono istilahe sing keren jarene! Samesthine aku wis wiwit ngowahi kelakuwanku supaya ora kedlarung-dlarung tekan diwasa. Tak jaluk para pamaos kang duwe sipat kaya aku wis wiwit ngowahi kelakuwanmu. Yen kowe arep melu kaya aku sing engine ngowahi kelakuwan, dak ucapake matur suwun.
Aku sumpah marang awaku dewe, aku bakal ngowahi kabeh adatku, tumindaku, omonganku lan liya-liyane. Iki ngono mung kanggo Tika si krudung abu-abu.
Matur nuwun ya Tik! Kowe wis ngelingake aku yen tumindakku biyen ngono ora bener. Senadyan aku ora tau blaka suta marang sliramu, nanging ing sajroning ati iki aku kepingin dadi kancamu lan sithik mbaka sethithik aku bisa dadi kaya sliramu kang tansah dielem karo guru merga ayu budimu lan ayu atimu. Awakmu ora isin ta, duwe kanca karo bocah sing mbregudul tur urakan kaya aku iki? Tulung ya, rewangana aku ngowahi sakabehing kelakuwanku. Nganggo sikepmu kang merbawani lan esemmu kang nengsemake ati uga nganggo panyawangmu kang adhem kuwi. Tulung Tik ya! Tulung tulungana aku.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar