Jumat, 03 Desember 2010

cerkak

Mendhunge wis padhang

Sawise mudhun saka mobil sing gawa aku saka omahe wong tuwaku aku langsung jumangkah mudhun mlaku menyang omahku. Omahku sing wis ana seminggu ora tak saba katon rusuh banget lan katon ora krumat. Godhong-godhong garing pating sumebar ing plataran omahku. Kembang-kembang sing daktandur katon alum kabeh amarga ora ana sing nyirami. Omahku wis kaya omah suwung. Meruhi kahanan kang kaya mangkono kuwi aku mung bisa ngekus dada, mbok menawa Mas Danar bigung mikirake aku nganti lali ngrumat omah. Aku ambegan landhung lan dakbrukake awakku ingkursi sing ana teras omahku. Ora tak nyana Mas Danar wis ana ing mburiku lan ngomong yen Astri wis turu. Astri ngono anakku kang isih umur 4 wulan.
Kar,awakmu weruh iki ta? Sasuwene iki wektuku mung kanggo mikirake awakmu! Sawise ngomomg ngono daksawang Mas Danar katon lemes lan kagawa kahanan. Kumlebat maneh dina-dina kang pait ing angen-angenku. Satemene aku lan Mas Danar durung siap nglakoni urip bebrayan. Nanging aku wus ngandhut luwih dhisik dadi aku lan Mas Danar kudu rabi dhisik. Ya ngene iki nasib sing kudu daktanggung amarga nglanggar omongane wong tuwa. Aku lan Mas Danar sing maune durung siap nglakoni urip bebrayan lagi krasa sawuse anakku Astri lair, aku lan mas Danar ngono saumpama isih sekolah ngono ku isish kelas siji SMA dene Mas Danar isih kelas telu SMA. Pancen nalika isih mlaku limang sasi anggenku bebrayan karo Mas Danar sembarange isih katon endah. Mas Danar isih tresna lan ora tau duka-duka karo aku.
Dene saiki sawuse anakku Astri lair meh saben dina Mas Danar duka-duka marang aku. Yen aku nggrahita awakku dewe aku ya rumangsa salah. Amarga aku during bias nglakoni peranku sing anyar saliyane dadi bojo kang duwe kewajiban marang sisihane au uga kudu bias nglakoni peran dadi ibu kanggo anakku. Amarga sasuwene iki kelakuwanku isih kaya nalika aku durung omah-omah. Aku isih seneng dolan karo kanca-kancaku lan lali karo sing dadi kewajibanku. Pisan pindho Mas Danar isih gelem ngomongi nanging sing jenenge kesabarane manungsa iku westi wae ana watese. Nalika aku lagi gojegkan karo kancaku mas Radit sing lagi mulih kerja sawise nyawang aku katon nesu lan mbanting lawang. Sakawit kanca-kancaku krasa yen arep ana perang donya langsung pamit mulih karo aku.
Sawise kanca-kancaku bali mulih aku langsung nemoni Mas Danar. Lan dak takoni. “Mas, sampeyan iki kok ora bisa ngrumangani aku? Aku iki dadi wong wedok ya samesthine dianyomi karo bojone. Lha sampeyan iki piye ta? Dadi wong lanang ora pecus, ora bisa nyenengake aku. Ndi, olehmu kerja sasuwene iki saumpama ora direwangi wong tuwaku mokal awake dewe bisa duwe omah iki, wong tuwa kaya-kaya ora tau ngrewangi awakke dewe. Aku nyesel rabi karo sampeyan, sampeyan wis ngrenggut masa remajaku”. Sawise aku ngomong ngono ora tak nyana Mas Danar langsung ngadeg lan tangane langung nyamber pipiko. Plaak…. Pipiku ditampar karo Mas Danar. Mas Danar sing kawit mau meneng wae banjur ngomong. Ya awakmu kuwi sing ora bisa ngrumangsani asile wong lanang. Awakmu kuwi kudune bisa mikir yen bojomu iki mung saderma lulusan SMP iki kerjane apa? Oleh awakmu sesambungan karo kancamu kuwi oleh nanging kowe uga kudu eling yen saiki awakmu kuwi wis dadi bojoku lan dadi Ibune Astri. Aggenmu sesambungan karo kancamu iki sawuse kabeh kewajibanmu wis koktindakake. Kowe kudune bisa nyuda wektu kanggo kegiatan sing ora perlu. Sing paling penting kowe kuwi kudu ngruwat anake dewe sing jenege Astri kuwi. Kamangka anake dewe butuh banget katresnan saka awake dewe.
Sawise ngomong ngono kuwi Mas Danar langsung ninggale aku dhewekan ana ing kamar. Aku sing mari dituturi karo mas Danar mung bisa nangis sesenggukan ing kamar. Yen dak piker-pikir pancen bener apa kang dikandhakake dening Mas Danar. Sasuwene iki aku mung seneng- seneng lan lali karo tugasku. Aku isih kepingin kaya kanca-kancaku biyen sing durung rabi. Sawise kedadeyan dina kuwi aku janji karo awakku dewe arep ngrubah sikapku. Aku kepingin dadi wong kang setya lan tresna marang bojo lan anake. Sawise aku ngrubah sakabehane sikapku saiki balewismaku tansaya ayem lan tentrem. Aku karo sisihanku ora tau tukar padu. Dene kanggo anaku Astri tuwuh dadi bocah sing pinter marga saben dina tak gulawentah kanthi bener. Aku saiki wis bisa nempatake diri adi ibu lan dadi bojo. Senajan kaya mangkono srawungku karo kanca-kanca tetep lumaku nanging kanca-kancaku uga wis padha mangerteni yen aku wis dadi ibu lan wis dadi bojone Mas Danar. Saiki aku mung bisa ngucapake puji syukur ing ngarsane Gusti kang wus nyirnakake mendhung saka ba
le wismaku.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar