Jumat, 03 Desember 2010

cerkak

.Walesan kanggo Fitri

Wewayangane Wawan tansah ngelingake Fitri marang Adit, cowok sing wajahe ora ganteng kang wis wani nguntabke rasa trena marang dheweke ing ngarepe kanca-kancane. Wong loro mau yaiku antara Wawan karo adit bedhane akeh banget bisa diumpamakne bedhabe kaya bumi karo langit. Wawan diibaratake wong paling ganteng kang tau ditemoni karo Fitri nanging yen Adit kosok baline yaiku rumangsane Fitri ora ana manungsa sing luwih ala tinimbang Adit. Saliyane kuwi Fitri nganggep yen Adit wong sing ra duwe isin.
Lha, kepriye ora Fitri ngono saliyane primadona kampus uga anakke wong kang kondhang ing dhaerahe yaiku ing Wonogiri. Gene Adit mbuh anake sapa ora genah. Amarga sasuwene iki Adit manggon ing Sekolahan. Dheweke nyambi dadi tukang jaga bengi Sekolahane. Nalika, Fitri ditembak karo Adit ing ngarepe kanca-kancane. Fitri abang kupinge, campur isin, campur mangkel Adit diuring-uring sampek entek elek. Nganti-nganti didoni wajahe karo Fitri ora cukup kaya mangkono Fitri uga mrentah kanca-kancane nyemplunngake Adit menyang saluran septic tank kang durung dadi. Bubar ninggalake Adit nyemplungake SAdit Fitri guyu ngece..
Pancen kedadean iku wis kedadeyan luwih saka patang taun kepungkur nalika kelorone isih lungguh ing bangku SMA 1 Barong. Nanging carane nyawang, carane mlaku lan carane ngomomg jan mempe karo Adit. Mung bedhane bodine Wawan luwih macho lan athletis tinimbang Adit.
Bali maneh marang critane Wawan. Sing jenenge Wawan kuwi ketemu karo dheweke nalika daftar ulang nalika semester papat kapungkur. Ora dinyana yen wong bagus sing jenenge wawan kuwi bakal nunggal kelas karo dheweke ing Jurusan Akutansi Managemen. Sing digumuni karo Fitri wayah sepisanan ketemu ing daftar ulang, nalika Fitri mbalang esem marang bocah sing jenenge Wawan kuwi malah mlengos. Kamangka sasuwene iki ora ana wong lanang sing mlengos yen disapa uatwa diesemi karo Fitri. Lha, wong eseme Fitri ngono lumrahe pait-pait madu. Wong lanang ngendi bae yen diesemi bakal klepek-klepek kaya iwak kang dientasake saka kolam. Lha iki kok malah mlengos! Apa esemku saiki wis ora pait-pait madu, “pikire Fitri.
Ya perkara adem sikepe wawan marang dheweke sing ndadekeke atine Fitri ora tentrem lha sing jenenge primadona kampus kok ora bisa nglumpuhake atine Wawan. Pirang-pirag dina iki sing dilakoni karo Fitri mung nglamun ing jero kamarkostse nganti-ngani lali mangan mbarang anggene mikir kepriye supaya bisa nyedaki Wawan. Wayah enak-enak nglamun ndilalah kanca sakoste Fitri sing jenenge Santi lagi teka saka omahe ing Boyolali. Banjur Fitri ditakoni karo Santi ana, apa ta Fit? Sajake kok kaya ana sing dipikirne. Ngomonga wae sapa ngerti aku bisa mbantu!
Ora ana apa-apa kok! Mung ana sethithik masalah pribadi, semaure Fitri. Ya wis lak ngono, jawabe Santi. Mung pesenku aja kerep nglamun ora apik, mengko bisa-bisa kesurupan kapok, “piwelinge Santi. Asem, “batine fitri. Bengi kuwi Fitri ngawit gawe rencana kepriye supaya sesuk oleh simpati saka Wawan lan in tembe mburine bisa ngajak sing jenenge Wawan iku malem mingguan. Sawise nemokake cara supaya oleh simpati saka wawan Fitri age-age turu.
Esuk dina candhake nalika Fitri lagi sarapan ing kantin kampuse dumadakan atine kaget, kaya disamber bledheg. Kepriye ora, lha cowok idolane mlaku bareng karo bocah ndesa sing jenenge Ika. Lha kepriye ora kaget, yen dibandingake karo dheweke mesthine ya adoh banget. Fitri sang primadona kampus anakke wong paling kondhang sakutha wonogiri anake juragan mutiara ing Wonogiri kok kalah karo anake wong Tani sing saben dinane koceh karo lendut lan kancane kebo.
Babagan kepinteran ya ora kalah dheweke wis bola-bali entuk penghargaan sak pemerintah. Malah, ing kampuse kono Fitri uga kondhang minangka aktivis kampus sing sok seneng demo. Yen wis orasi ora ana sing ngalahake. Lha iki kok kalah karo Ika cewek ndesa, kuper, kutu buku lsp. Kepriye larah-larahane kok bisa sing jenenge Wawan kepincut karo Kenya sing kaya mangkono jian mokal miturut pandhakwane Fitri.
Kurang ajar!, batine Fitri kok wani temen ngrebut cowok idolaku,”kandhane Fitri”. Wis, mengko bubaran kuliah tak labrake sing jenenge Ika. Temenan bubar kuliah Fitri langsung nggoleki sing jenenge Ika. Sawise ketemu Ika, Fitri langsung ngelek-ngelek sing jenenge Ika sampek entek kurang golek. Tangan kiwane wis ancang-ancang arep ngampleng Ika . Tujune sadurunge Fitri kelakon ngampleng Ika tangane disaut karo wawan lan dikapatake. Sanalika Fitri kaget lan mbengoksura kelaran. Arep ngampleng pawongan kang wis wani ngipatake tangane mau. Bareng arep ngampleng pawongan mau nanging nyatane sawise meruhi sapa kang disawang Fitri malah mlayu sipat kuping kisinan amarga pawongan mau ora liya ya Wawan.samungkure fitri, ika ditakoni karo Wawan sing lara apane, Ka? Ora kok, mas. Temenen ta? Ya, mas! Ya wis lak ngono, sesuk bakal tak labrake bocah sing jenenge Fitri.
Wis ta mas, panjaluke Ika. Ora,Ka bocah iki pancen kudu diwenehi pelajaran supaya bis ngajeni wong liya. Dina candhake nalika kepethuk karo Fitri langsung wae ora kekakeyan cangkem langsung dilabrak sing jenenge Fitri karo Wawan. Sejatine ana apa ta Fit kowe kok tega mulasara Ika? Ngono pitakone Wawan marang Fitri. Apa aku lan ika mungguhmu tau gawe salah utawa ganggu uripmu yen ana ngamanga aja meneng wae! Endi sorakmu sing kaya lagi orasi! Hmmm dadi kaya mangkene kelakuane ratu orasi kuwi seneng ngrusak kamulyane wong liyan.
Ayo Fit! Ngomonga pambengoke wawan. Ora mas, sepuranana aku, aku ngelakokake iki amarga aku tresna banget karo awakmu. Ora ana wong liya sing luwih dak tresnani kajaba wakmu mas, ‘semaure Fitri”. Dadi awakmu tresna karo aku? Pitakone Wawan. Ya.mas!, semaure Fitri. Lha awakmu apa isih during ngerti yen aku wis pacaran karo Ika. Ora bisa mas, awakmu kudu dadi pacarku,jawabe fitri. Kenapa apa sampeyan kok milih Ika tinimbang aku.
Yen dibandingake ora ana cewek sing sempurna kaya aku ing kampus iki, kandane Fitri. Ibarate aku ngono kaya ratu kabeh kanca raketku kabeh saumpama ora bedha babuku kabeh nanging dheweke ora ngerti yen wis tak dadekake budaku sasuwene iki ngono, “tambahe Fitri”. Yen pancen kaya mangkono tumindhakmu pancen kowe ora pantes dadi pacarku.
Aku milih Ika amarga dheweke nganggep sakabehng kanca iku kaya dulur dewe dadi saben ana ing sandinge sapa wae bakal krasa nyaman. Saliyane kuwi sing jenenge Ika ora mung orasi ning uga mbuktekake kanggo tumindak ora mung omong wae kaya kowe.
Sing ndadekake jengkelku karo kowe kepati-pati. Tumindakmu wayah biyen mujudake kelakuan kang ora pantes dilakokake karo manungsa, kewan asu wae ora tumindak nglakokake tumindak kaya sing kok lakokake. Amarga tumindakmu biyen wis gawe pepesing atine manungsa ing tansah nresnani awakmu. Ora ateges tresna kuwi mung diduweni karo wong kang bagus utawa ayu blegere. Uga ora ateges mung sing nduweni rupa sing kurang bagus utawa kurang ayu ora pantes ngrasakake endhahing katresnan. Nulak katresnan wong kuwi oleh-oleh wae nanging kudune yab kanthi cara kang alus ora karo ngidoni wong sing nguntabake rasa tresna marang kowe. Adit………! Ya Adit, Dadi apa sesambunganmu karo Adit. Mangertena Adit sadulur kembarku. Menawa kowe durung ngerti yen Adit kuwi jeneng asline Adityawarman dene aku jenengku Kurniawan .Ah….! Ora mungkin lha kepriye larah-larahane wong Adit kuwi anakke sapa ora genah sekolah wae nyambi dadi tukang sapu lan tukang jaga sekolah.Ngertia Fit! Kuwi ngono istimewane masku ya ra liya mas Adit senajan anake wong sugih dheweke anake wong sugih dheweke pilih belajar urip dhewe lan ngertenana saiki usahane bapakmu wis bangkrut amarga perusahaane bapakmu wis kalah saingan perusahaane mas Adit saiki kowe wis dadi wong kere Fit. Eling Fit kere panyerune Wawan! Meruhi Fitri nangis njaluk diwelasi Wawan mung mesem lan kandha eling Fit kabeh manungsa kuwi bakal ngundhuh apa kang sing wis ditandur dene nandur apik bakal manen asil kang apik uga dene nandur barang ala uga bakal nampa asil kang ala. Sabubare ngomong ngono Wawan loangsung nagleh saka papan kono.
Sapaninggale Wawan kancane fitri padha ngrubung dheweke lan takon ana apa kok nangis ing kene . sabubare fitri blaka suta kedadeyan apa wae ngenani dheweke. Bareng weruh yen Fitri wis dadi wong kere alias ora nduwe kancane malah ngaleh. Ninggalake Fitri ijenan. Sadurunge nglaeh kanca-kancane sempet kandha yen mug cukup semene wae sesambungane dhewe. Amarga sasuwene aku nganca awakmu mung supaya bisa ngrasakke dhuwitmu. Umpama dikon milih aku pilih dadi kancane Ika amarga karo Ika aku dianggep kaya dulur dhewe ora kaya kowe sing nganggep aku kaya babumu. Sapaninggale kanca-kancane Fitri mung bisa nggetuni nasib amarga kelakuane dhewe lan bapake uga kudu nandhang kesusahan amarga bisnise bangkrut amrga tumindhake ing jaman biyen. Sing dilakokake fitri saiki mung nangis lan saiki malah kadang-kadang stress. Mbuh paling kuwi pinwales saka usti supayaumate tansah ati-ati karo tumindhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar