Jumat, 03 Desember 2010

geguritan

Piweling marang mitra

Apa kang bakal dumadi ing ngarcapada
Rikala manungsa wus nglirwakake parentahe agama
Ingkang wus kasebarake dening para ulama rikala jaman kawuri
Satemene agama nata tata batine manungsa

Tan kena kalekake dening sakabehane titah
Rikala swasana jagad lagi isih wening
Ing wengi iki katon pratanda kuwasane kang Murbeng Dumadi
Yen atimu wus wening sira bakal krasa
Ananging yen durung atimu mung kawungkus dening nepsu
Nalika mega kaoyak dening prenjak sira kudu wiwit nata
Tata ukara, tata lair lan kang utama tata batin
Ora ana tembung kasep sadurunge uncate nyawa saka raga














Mumpung isih ana Wektu

Aku terus mlaku mecaki dalan iki
Wektu iki wis tiba wancine mbabarake ilmu
Uripku wus takgawe nggulawenthah sliramu
Nalika ngudhar ngilmu iki
Gedhe panjalukku supaya kowe nglakoni apa jareku

Ing sajroning urip kang mung sedhela
Ngabektia marang wong tuwa amarga
Ora ana palilahe Gusti tanpa palilahe wong tuwa

Firman-firman iku cetha mbabarake
Upama wong tuwa murka mesthi wae Gusti uga murka
Lamun sliramu ana lepat enggal njaluka ngapura
Aja usah isin
Ngelingana gedhene katresnan kang nate disuntak
Digulawenthah sliramu nganti bisa dadi kaya mangkene
Ing dina iki mumpung isih ana wektu enggal muliha











Jaman Edan

Cumlrot sumunare srengenge
Ing donya iki katon padhang jingglang
Tumetese bun wus kasirep panasing srengenge
Rikala swasana donya tansaya panas
Ana samubarang kang wus kalaleake dening manungsa

Samubarang ing donya kabeh padha nduweni rega
Arep pitulungan ya mbayara
Ra nduwe dhuwit nelangsaa
Iki bandhaku aja njaluk

Titip swara marang lakune angin
Uripku ya uripku
Tan kena tinular dening liyan
Iki bandhaku aja njaluk
Yen pengin goleka dhewe
Aku gelem weweh
Nanging aku bakal dumeh
Trima apa ora karepmu
Ora trima ya wis








Wengi kang wingit

Duh gusti wengi aku keweden
Amarga swara iku wus ilang
Vrekudara wis ora bisa nggereng
Ing wengi iki swara bocah ngaji wis kaganti swara graji
Dares lan jangrik uga wus ora ana swarane

Fulan tansah nyembang marang slira-Mu
Ing satengahe wengi kang wingit iki
Rumangsa aku ana swara kang nuntun sira
Dalan-dalan sakiwa tengen dadi padhang jingglang
Aku isih ing kene
Upama bisa bakal daktuntun lakumu
Senajan mung sedhela tetepa manekung marang pamurga jagad















Layang kanggo Mitraku

Guritan iki dak tujokake marang mitraku
Ing ngatase mung saklembar dluwang
Guritan iki ngandhut piwelinge guru
Ing mangsa ngupadi ilmu rikala semana
Heee. Apa kowe isih eling

Dhek jaman awake dhewe isih sekolah
Wiwit budhal esuk temekan sore
Ing wanci iki aku pengin ketemu

Sewelas taun aku wis ora ketemu
Ana rasa kang pengin ketemu
Mumpung isih ana wektu
Senajan mung liwat gurit iki aku pengin ngabarake
Uripku saiki wis wiwit tumata
Lan muga-muga sliramu uga mangkono

Srengenge isih dhuwur
Rikala aku nulis gurit iki
Ing ngatase dluwang salembar iki
Aku titip pawarta marang sliramu kabeh
Nulisa guritan kanggo ngrembagake budaya jawa
Tulisen apa wae kang ana sajroning atimu
Ora usah akeh-akeh siji wae ora apa-apa




Tresna suci

Gegambaranmu isih cetha ing netraku
Angin lan geni kang dadi paseksen rikala jaman semana
Gumlegere swara-swara ing dirgantara dadi pratandane
Uripku mung kanggo sliramu
Katresnan kang sejati iki mung kanggo sliramu

Apa jarene lintang wus ora dakrungoake
Rikala sliramu wiwit ngadoh saka panduluku
Ing ngatase janji kang wus kawedar
Setyaku isih nunggu sliramu
Tekamu isih dakantu ing taman sri wedhari
Amarga iki tresna kang suci
















Sepuranen Aku lur...

Firmane Gusti wus ngelingake aku
Rikala aku isih mendhem donya
Esuk iki ana kang tumetes ing jroning ati
Senajan mung setetes wus gawe tentreming ati
Tumrap sekabehane mitra aku njaluk sepura
Ing sasuwene memitran yen ana lepat aku njaluk ngapura
Esuk iki aku bakal lair maneh
Sesuk aku bakal mecaki uripku sing anyar
Ingsun tansah ninggalake sekabehane angkara
Amarga aku iki wus rumangsa kakehen dosa

Nalika wektu iki aku dudu sing biyen
Ora ngumbar angkara maneh
Eman-eman yen urip mung gawe dolanan
Rikala dina iki aku wis dudu sing biyen













Gurit kanggo mitraku

Februari iki aku wus wiwit tumata
Amarga ake wus eling apa jaremu
Rikala aku lan kowe isih ulah gladen ing kene
Ing papan kang kebak arum gandhane ngilmu
Sapa wae ing kene bakal neme kabagyan

Suwe anggenku lalu kandhamu dhek biyen
Yekti urip iku mung saderma nglakoni
Apa kang dadi karepku durung mesti kelakon
Ing gurit iki daktulis rasa panuwunku marang sliramu
Februari iki aku wis dadi aku sing biyen
Urip prasaja senajan mung saanane
Lamun isih ana kalodhangan wektu aku pengin ketemu

Hmmm tibake iku mung angen-angenku wae
Aku iki wis bedha derajat karo
Yen kowe saiki lungguh ing dampar kencana
Aku mung trima lungguh ing pinggir kalen
Tulus rasa matur suwun marang kowe









Welinge ibu

Esuk iki mendhunge katon padhang
Tumetese bun esuk isih bisa dakrasakake
Ing esuk iki aku isih mbegeg ora obah
Kamangka ing mburi kana ana swara kang ngurak-ngurak

Ananging aku ora nggatekake swara mau
Meneng mbegegeg tanpa obah
Bingung lelimengan pikirku
Aku iki manungsa
Rehne aku iki manungsa aku kudu apa
Welinge ibu rikala semana
Aku kudu golek ngilmu
Titipna atimu marang guru
Ingatase guru kang satuhuning guru














Iki tapaku

Eee urip iki mung saderma nglakoni
Luwih becik nyukuri apa kang wus diparengake Gusti
Ora ana makhluk kang sampurna ing donya
Kamangka kasampurnan mung dhuweke Hyang Widhi

Kumlawung angen-angenku lan
Uripku tansaya rinasa sepi
Rikala swara sawara memuji wus ilang
Nanging anane saiki mung swara ngayuwara tanpa rupa
Ing ati iki krasa sisih ana sing kurang
Ana kang kaya-kaya wus ilang
Wiwit saking wengi wingi nalika
Aku sesideman tanpa swara
Tapaku pancen dudu tapa kang minulya
Ing ngatse aku pengin antuk jatining urip














Dalan ngarep omah

Horeg swasananing jagad
Aku wis ora bisa rumangsa lan ngrumangsani
Nalika aku wus keblinger rasa
Upama bisa aku pengin mbedhal
Nanging aku wis ora nduweni kuwasa
Gawe tali kanggo ngrangket pepinginanku

Wiwit dina iki aku kudu jumangkah
Ing ngarep omah iki bakal daktemokake kamulyan
Senajan isih atis aku kudu wiwit jumangkah
Tekane kamulyan iki bakal ora suwe maneh
Amarga aku wis duwe sangune urip
Nalika aku gladen ngilmu bareng sliramu nganti
Teka sabubare prenjak ngurak-ngurak mega wus
Ora ana tetembungan kang gawe pinggeting ati












Tapane uler

Ing ngatase bun-bun kang nyandi sesanti
Manungsa mung tansah bisa nulis tapaking janji
Aja rumangsa bisa ananging bisaa ngrumangsani
Manungsa senenga weweh lan aja seneng dumeh

Kupu isih dadi uler
Horeg jagade nalika uler bisa salin rupa dadi kupu
Ora ana sing ngira uler gelem tobat
Tobat tumrap sekabehane lelakune
Ing sajroning tobat kupu tansah tapa suwe
Bombong atine sawise tobate katrima dening Gusti

Upama aku bisa aku bakal melu tapa
Tapa kang bener tapa
Ora ana manungsa kang pengin kalungguhan dosa
Manungsa pancen panggonane dosa
Ora ana manungsa kang ora nduweni dosa kajaba wong kang pinilih











Wengi iki

Ing wengi kang wingit iki aku wiwi jumangkah
Nalika jangkrik isih padha ngerik
Dakjangkahake lakuku
Ana ing dalan sapecak mburi omah
Heee tibake wengi iki isih kaya wingi

Senajan wis owah jamane
Ora ana sing lali karo budayane
Rehne aku wong jawa aku kudu njawani
Aku lan kowe wong jawa
Yektine mesthi wae kudu nguri-nguri budaya
Amaraga yen dudu awake sapa maneh
















Kasetyanku

Nalika anggonku napaki dalan panguripanku wus ora jeru
Usadanana tatu kang ana ing sajroning atiku
Rehne amung nganggo luhmu satetes aku wus trima
Urip lan atiku iki mung kanggo sliramu
Dhik pancen sliramu kang dadi pepujananing ati
Ing donya iki ora ana bisa ngganteni katresnanku marang sliramu
Nanging kena apa sliramu tega marang aku

Apa isih kurang tandha kasetyanku marang sliramu
Gedhe pangarepku kowe gelem bali marang aku
Umpama sawayah-wayah sliramu iling aku isih ngenti
Setya kang satuhune ngenteni tekamu ing kene

Kumlawung angen-angenku nembus sandhuwure mega
Uripku wus ora bisa dakarani urip
Rina lan wengi amung mikirake sliramu
Nalika wengi sing wingi isih esemu wus mencut atiku
Ing ngatase pangarepanku pengin dakrajut ewonan lintang
Alang-alang mangsa ketiga nggambarake kahananku saiki
Wis ora bisa endah sadurunge tumekane mangsa rendheng
Aking kurang banyu-banyu katresnan
Nalika nggurit iki aku isih setya ngenteni tekamu






Elinga

Ingsun tansah manekung mararang sang pamurga Jagad
Nalika wus tumekane apa kang nate kawucap wingi uni
Tansah tak jejegake lakukuku manembang marang slira-Mu
Ing palaganing panguripan iki ora mung cukup sangu ilmu amarga
Kahanan donya wis owah
Apa kang bener ora katon bener

He... tinimbang mung ngumbar pamikir kang nganyuwara
Apa ora luwih becik nindakake parentahe gusti
Tan kena kalirwakake
Ing donya paribasan mung mampir ngombe

Rina lan wengi bakal dadi seksi ing dina mburi
Umpama nandur becik bakal panen becik
Mengkono uga yen nandur ala bakal panen ala
Apa kang dadi pilihanmu aku ora bakal nyengkalani
Nanging aku mung ngelingake
Dadi manungsa ing ngarcapada mung nglakoni prentahe Gusti
Apa maneh yen iling yen umur iki tansaya sinuda
Nalika tumekane sidem kayon
Gedhe panjalukku supaya kabeh enggal bali ing dalan kang padhang







Aku

Aku isih ngadeg jejeg ing pinggiring segara
Rumangsaku aku mung kaya dene alun kang mara lan lunga
Dak sawang ing mendhung ing sisih wetan katon abang mbranang
Iku dadi pratanda mijiling dina
Aku isih keweden yen kelingan wingi
Nalika aku isih kelem ing sajroning pangimpen

Kalong-kalong wiwit bali menyang sarange
Urip mung saderma nulis tapaking janji
Rikala bagaskarane wis wiwit katon
Niatku tansaya manteb
Ingsun tansah pengin ngowahi sekabehane lelakuku
Awit saking dina iki aku kudu dadi aku kang anyar
Nalikane sumunare wiwit manasake raga
Tak pecaki dalanku kang wiwit padhang
Ora ana krikil maneh kang gawe tatuning lakukuku












Kahanane wengi iki

Keprungu swara-swara panjerit ing tengah wengi
Reroncen swara-swara kang banget nrenyuhake ati
Ing tengah wengi iki
Sampun agawe manah iki nandhang tatu kang jeru banget
Tintriming kahanan wengi wis ora bisa dak rasakake maneh
Ing wengi iki sing ana mung udan tangis
Akeh wong kang padha kelangan bandha
Nanging uga ora sethithik kang kelangan tata krama
Akeh wong jawa dadi jawa kadal

Prasasat wong jawa isih kaya wingi uni
Rikala jaman jaya jayaning Jayabaya
Awit rikala semana budaya isih kuncara
Tata krama isih dadi ambeganing wong jawa
Ingkang tuwa ngajeni marang sing tumaruna
Welas asih isih nentremake sekabehaning para titah
Ing jaman kuncaraning budaya jawa











Aku isin

Nalika kau ngliwati putuk-putuk
Gegambaranmu wus gawe kebrongoting ati
Upama bisa aku bakal mbedal
Lumawan sekabehane pepalang
Ingkang wus dadi pepalang
Aku pengin maju perang

Kebrongot ati rikala meruhi kasunyatan
Hmm sapa kowe
Ora nate dakweruhi manungsa kaya kowe
Ilmu wae dina iki isih dadi dagangan
Rumangsaku kowe kok kurang gaweyan
Isin aku weruh kelakuwanmu
Nalika kowe koceh bandha merga dodolan ilmu














Aku pengin tobat

Nalika bun-bun isih nyandi sesanti
Aku durung bisa manekung marang pamurga jagad
Nanging aku malah enak-enak lumah-lumah
Amarga aku keblinger kaendahaning donya
Nasak-nasak lakuku tanpa tujuwan
Gunung-gunung kabeh wus dakpecaki

Merbabu wus ilang saka pandulu
Uripku ajur mumur
Selawase aku mung bisa ngumbar angkara
Tankira rusaking donya merga pokal gaweku
Aku wedi
Kelakuwanku wus gawe sengsaraning liyan
Ing wayah nulis gurit iki aku pengin tobat
Muga-muga aku isih bisa dingapura dening sing Kuasa













Ati kang suci

Dakrungket sekabehane napsu ing jroning lelaku
Eling marang apa kang dadi prentahe Gusti
Wedi aku marag murkaning Sang Pamurga Jagad
Ingkang sampun kawedhar ing sajroning kitab suci

Nalika dina arep gumanti
Ora bisa diselaki maneh
Vrukadara wus ilang gapite
Ilang sekabehane pekertine
Trima mung nglungsuh ing njaban pakeliran
Ana ing kene aku weruhi
Senajan dinane isih tintrim
Aku wiwit tumata ing jroning lelaku
Rikala semana wus dakgambar kekarepanku
Ing dalan iki bakal dakkpecaki kanthi ati suci













Pitakone marang aku

Pandhawa wus bali saka kurusetra
Rama uga wus nyirnake rahwana
Anane mung kari tentrem ing lumahing bantala
Manungsa uripe wus dadi luwih minulya
Esuk makarya bengi manembah marang sing Kuasa
Susah wis ora ana
Tentrem lan ayem tumrap sekabehane manungsa dinane iki
Ananging donya isih mobah masik

Ana panandhang panjerit
Nalika manungsa lali manembah marang sing Kuasa
Ing njaban omah ana bocah lumah-lumah
Sajak memeles lan banget nrenyuhake ati
Aku iki sapa lan iki jaman apa pitakone marang aku














Piwelingku

Reriptaning Pangeran tan kena ingina
Ing alam donya ora ana kang sampurna
Amarga kasampurnan iku mung dhuweke Pangeran
Nalika nyipta makhluk Pangeran mesthi duwe tujuwan

Den kena dipikirake marang sekabehane makhluk
Apa kang dadi kaluwihane siji-sijine
Manungsa minangka makhluk kang paling minulya
Ananging aja sok adigang,adigung lan adiguna
Reriptaning Pangeran duwe kaluwihan dhewe-dhewe
Ing sandhure bantala aja mlaku kanthi rasa gumedhe
Sandhuwure mega isih ana mega
Welingku kanggo sliramu elinga sapa kowe iku
Aja nglalekake saka ngendi asalmu
Reh ne kowe lan aku wong jawa dadiya wong jawa kang jawa
Aja jawa jawal jawaning kadal












Katresnan sapadhaning manungsa

Reroncen tetembungan endah kang nate kaucap
Ora ana kang luwih endah tinimbang tetembungan katresna
Nalika ati ketemu ati
Ingsun tansah bisa mangerteni kuwasaning MahaKuasa

Wewadi ing jroning ati wus sirna
Ing ati kang ana mung tresna
Jroning ati lumeber katresnan marang sapadha
Ana rasa pangrasaning para manungsa
Yektine rasa padha-padha wong jawa
Apa iya isih kudu bisa ngrumangsani

















Aku Pamit

Amiwiti lelaku kanthi mantebing kalbu
Crah congkrah ora bakal ngendheg lakukuku ngudi sliramu
Hee tibake aku ora dewe
Manungsa apa bisa urip yen ora ana tresna
Apa ana wong kang ora pengin ngrasakake endahing tresna suci
Dak kidungake lelagon asmaradana mung kanggo sliramu

Samungkure tetembanganku kang kagawa lumakune angin
Yen ana rasa ing sajroning atimu
Aku mung pengin sliramu nolehake panyawangmu ing ragaku iki
Iling apa kang diwastani katresnan iku
Fulan bakal antuk tumetese bun-bun katresnan
Umpama aku lola aku njaluk pangapuramu
Rehne aku lola bakal dak trima apa kang bakal kok wenehake

Rikala mega-mega katundhung lumakune angin
Iki wancine aku ninggalake sekabehane jaji kang durung kawedhar
Zam-zam wae wus ora bisa ngusadani larane atiku
Aku bakal mumbul dhuwur ninggalake pepujaning ati
Lunga adoh kanthi ati gela nalika meruhi tumindhakmu marang aku








Kekarepanku

Sumilir angin wengi iki dadi pratanda
Elarku durung tuwuh
Panyawangku isih lelimengan
Tekane dina iki aku wis ora bisa nyelaki maneh
Ing dina iki aku mung manut
Kayadene wayang kang manut apa jare dalang
Aku mung bisa pasrah

Rikala weruh kahananku kang isih kaya mangkene
Alam saisine bakal dadi guru
Tekadku kudu dakjejegake
Nalika ingsun pengin nuwuhake elar iki
Amarga sira pengin dadi kumbang pangumbaran.















Ngenteni balimu

Sasuwene iki aku mung bisa pasrah
Ing ngatase janji-janjimu marang aku
Trima mung kok gawe tatu ati iki
Ing ngatase tembung tresna aku wis lila dadi kaya mangkene

Manungsa mung bisa ngrancang pikir
Upama aku bisa tak kekep sliramu nganggo tali katresnan
Ananging aku wis ora duwe kuasa
Nalika sliramu wus katut mabur menyang awang-awang
Ing kene mung kari tetembungan kang nate koucapake
Fulan wus dadi mega
Ana ing kene aku bakal njaluk sliramu bali menyang pangkonanku
Hya mung sliramu kang wus mencut atiku















Mumpung Srengengene durung angslup

Mumpung isih ana wektu
Ora usah gawe gelaning ati
Harjuna lagi kulak pawarta
Amarga pengin menang ing palaganing kurusetra
Manungsa mung saderma nulis tapaking janji
Aku lan kowe mung dadi wayang
Dene gusti kang dadi dhalange

Senajan aku lan kowe mung dadi wayang
Hyang widhi isih menehi kalonggaran tumrap aku lan kowe
Ora ana wong urip tanpa makarya
Dak lagoake langgam panguripan
Ing sapinggiring kali mburi omah
Qalbu bakal didulawenthah

Firman-Mu kang dadi panyucine
Iku mung bisa meneng wae
Jan-jane aku isih pengin suwita marang guru
Rikala srengengene durung angslup
Ing dina iki baakal daktata sekabehane lelaku








Endang baliya

Tindak-tandukmu kudu enggal tumata
Ing lelakuning urip ora kena amung gegojegan
Kamangka urip ing donya iki ngono kejem
Aku wae isih bingung karo dalan kang dakpecaki

Firman-firman iku wus katulis ing sajroning kitab
Yen bisa coba resepana
Amarga iku kang bakal nuntun anggenmu mecaki urip

Perkara sing biyen wis lalekna wae
Rikala aku lan kowe isih padha mendhem
Amarga keblinger endahing panggodaning urip
Trima mung dadi wayange syetan
Aku lan kowe kudu enggal bali
Merga iki urip kang sejati
Aku lan kowe kudu enggal bali marang dalane agama












Rungokna Swarane Atimu Dhewe

Wis suwe anggenku nhenteni dina iki
Ing ngarep dalan iki aku ngenteni tekamu
Senajan isih wiwit mletek srengengene
Nalika aku budhal mapag tekamu
Urip iki tibake terus mlaku

Februari wingi aku isih bisa nulis gurit iki
Emane gurit iki durung bisa koweruhi
Babagan dina kang kawuri aja kokurusi
Rehne sing biyen ya wis ben
Yen isih eling aku njaluk tulung

Caramu sing biyen aja kokbaleni
Aku mung bisa ngelingake
Hyang Widhi isih menehi kalonggaran tumrapmu
Yen isih pengin tobat ya tobata
Ora ana kang bakal ngisin-ngisin
Nalika sliramu bali marang dalan kang padhang
Ora usah kokrungakna omongane wong rungokna swarane atimu









Bun-bun sing tumetes

Wiwit saking tumetese bun mangsa ketiga
Ingsun isih manembah marang pamurga jagad
Sesuci marang sekabehane kaluputan
Nalika ana pngucap kang wus gawe lelara para mitra
Uga para sekabehane titah ing narcapada

Weweh tanpa dumeh lan
Aja dumeh yen gelem weweh
Rikala bun-bun isih tumetes
Denawa padha enggal dibrasta
Amarga denawa mung gawe angkara ing donya
Ningna pikir lan pangrasamu wiwit dina iki
Amarga mung wening kang bisa mbrasta angkara















Wancine sekaripun mekar

Wis wancinipun sekar punika mekar
Arum angganda salumahe bantala
He... manungsa enggal tangia
Yaiki wektu kang koantu-antu sasuwene iki
Upama bisa wis mesthi ora bakal ngucapake tembung pisahan iku

Wis wancine awake dewe napaki dalan pepestening urip
Urip kang nyata ora urip kang sajroning pangimpen
Lelaku kang kudu dilakoni kanggo mbrasta angkara
Aku kudu ninggalake sliramu
Nalika aku kudu mlaku menyang dalanku dewe
Dalan kang wus ngasorake rama
Amarga rama kalah yuda lumawan mungsuh kang nyata
Rama kalah merga kelangan pusaka
Ilmu tata kang wus ilang saka lumahing bantala













Titip pangeling

Yuswanira tansah sinuda
Eman yen mung lumah-lumah
Nalika iki jamane wis owah
Ing donya mung kebak sandhiwara

Heee.. enggala tumata
Aja mung kasengsem karo sandhiwara
Rina wengi mung bisa ngguyu alaning liyan
Ing donya pancen papane sandhiwara

Ananging dakjaluk enggala tumata
Senajan mung sethithik wenehna welasmu
Tumrap sekabehane manungsa
Upama bisa aku pengin
Titip pangeling marang sapadha
Ingatase lumahing bantala













Pamujan ing satengahe wengi

Rikala swasana jagad gumelar wus wening
Ing donya wus ora kepryngu ngerike jangrik
Alam donya katon sepi nyenyet

Yen langit wus malih rupa
Umurmu uga tansaya nyedaki mangsa angslupe
Sliramu kudu bali menyang dalan kang bener
Manembah marang Sang pamurga Jagad
Ing ngatase wengi kang wingit iki
Akeh pawongan kang padha manembah ing ngarsane Gusti

Vrkudara ilang gapite rikala kalah main dadu
Ilang kadegdayane lan mung kari nglungsuh tanpa balung
Dampyak-dampyak mendung kang mlaku ngulon
Ing antarane kuwi dak weruhi ana wewayangan kang anggegirisi
Ana gegambarane lelaku kang sasuwene iki wus dak pecaki
Nalika aku isih dadi budhake nafsu
Ingsun tansah netesake luh yen iling wektu wingi
Tak jangkahake lakuku tumuju papan pamujan
Aku pengin tobat








Tengah sasi februari

Yen pancen janji iku durung kamedhar lan
Uler-uler ing pang-pang aking iku durung salin rupa
Semana uga aku isih duwe pangarep kang gedhe
Upama bisa bakal daktitipake ati iki
Februari tengah sasi aku ngenteni ing kene

Wus suwe aku nyimpen sesidhemaning rasa
Ing jeroning ati iki isih ana rasa kang ora nate kababar
Dakudal rasa pangrasaku dina iki
Ing gurit sapacak iki
Aku nyoba ngudal rasa
Rasa rasaning tyas
Senajan amung sapacak wus
Ora ndadekake gelaning ati iki














Kuwasane Gusti

Zam-zam iku dumunung ing satengahe ara-ara
Umpama aku bisa munggah kaji aku bakal bisa nyecep
Luwih wigati endi munggah kajine apa nyecep zam-zame
Yen kowe wae bingung apa maneh aku

Kuwasaning Gusti iku tan winates
Rina lan wengi kang ajeg dadi pratandhane
Ing satemene ora ana Pangeran kejaba Allah
Sing nguwasani jagad saisine
Tan kena kalirwakake sekabehane makhluk
Apa kowe weruh jati-jatining diri kuwi
Nalika atimu wus kawungkus nepsu
Tapa lan lelaku kang dadi pangusadane
Ora ana tamba saliyane tapa brata lan lelaku kang lurus.













Gurit pangudal rasa

Esuke isih mruput
Fulan isih mungker ing kamare
Eman banget ta le
Nalika kabeh wus wiwit jumangkah
Dheweke malah enak-enak
Ing ngendi nalare ora ana sing meruhi

Bebarengan karo lumakune angin
Uga dak titipake rasa pangrasaku
Den bisa diweruhi sekabehane titah
Ing mgarcapada

Selawase aku mung bisa sesideman
Eman ngudar rasaku kawuruhku
Trima mung gawe gegojegane manungsa
Ingkang wuta tata batine
Awit saking jroning ati
Wiwit dak tulis gurit pangudal rasa
Aku dudu kowe
Nanging kowe uga dudu aku








Pesen ing sajroning urip

Upama bisa bakal dakendheg lakune angin
Lan bakal dakroncekake ewonan lintang ing awang-awang
yen aku ana luput utawa khilaF
Aku njaluk gunging pangaksama

Kumlawunge mega ngawe-ngawe ing sisih kulon
Rikala srengenge wus teka mangsane angslup
Ing tumekane janji
Sirep sekabehane perkara ing salumahe bantala
Titip pawarta iki marang sekabehane mitra
Ing titi wanci iki
Aku pesen marang sekabehane mitra
Ngelingana parentah lan larangane Gusti
Ingkang sampun kasebat ing salebetipun kitab














Pejabat Bosok

Uiiih..... lakune saiki wis bedha
Lakune saiki wus madhep menyang nduwur
mbuh pancen khilaF
Apa ancen rumangsa kuwasa

Rapat mung gawe abang-abange lambe
Apartemen sing dadi panjaluke
Hmm enakmen uripmu
Menawa isih eling sapa sing milih kowe
Aku iki lho sing wis ndadekke kowe
Weteng kang gembuk kuwi dadi seksi
Atimu kang bosok
Trima ngapusi barang sauntalan
Ing sajroning lelakumu saben dinane














Aku Pamit

Februari tengah sasi iki aku isih manekung ing kene
Eri-eri garing kae kang dadi seksine
Nalika aku lungguh matekur
Ing sandhuwure dampar kencana

Februari iki aku wis lali
Eluk-eluke dalan menyang sandhuwure mega
Bumi iki wis ora dakpecaki maneh
Rikala aku wus mumbul sandhuwure mega
Ing wanci iki aku njaluk pamit
Apuranen luputku ya lur

















Sanggar Pangimpen

Vrekudara wus lali marang sapa dhalang
Eluke swara sindhen wus dianggep lumrahe swara angin
Niyaga lan dhalang bakal dadi mungsuhe
Yen kedadeyan iku dumadi apa jarene donya

Cumlorote kartika kemukus gawe lelimenge lakuku
Aku wis lali apa wae kang ana ing tembe mburi wingi
Hee... tibake iki mung ngipi
Yen pancen bener mesthine bakal katon bener
Apa iya sing salah bisa dadi bener
Teka ing nduwur mega aku rumangsa ngawe-ngawe
Ing sajroning tumetese bun
Nalika tumurun nelesi pang aking mangsa ketiga
Ing ngarepku ana pawarta
Nelesik liwat jantung tumuju sajroning
Gurung
Sih samudra pangaksama kudu dibukak sajembar-jembare
Ingatase lelaku
Hya tibake urip mung saderma nulis tapaking janji









Ting Pepadhanging Urip


ing sajroning ngurip mesthi ana tembung khilaF
Elinga yen sliramu ana rasa lepat
Nalika tetembungan iku isih bisa kawucap
Ting-ting kuwi wis dadi pepadanging wengi
Yen isih ana apa oleh aku njaluk

Yektine urip iku manembah marang sing Kuwasa
Eman yen urip mung kanggo adarma
Nalika kaweningan iku lumantar ilining
Zam-zam ing negara Mekah
Iku njaluk tuntunamu supaya bai menyang pepadang
















Keblinger Endahe Sanggar Panyetan

Dul dakjaluk sliramu enggal eling
Elinga apa wae sing wus dakgulawentahke
Senajan mung sakecapanku biyen apa wis kolalekake
Sewelas taun sliramu sinau menyang aku
Yektine sliramu isih eling

Rikala bun-bun nelesi bumi lan isine
Aku weruh kowe lungguh ing pamujan syetan
Tan kena dak aruh-aruhi kowe malah mesem marang aku
Nuranimu iku wus menyang ngendi ta dul
Aku wae sing ndelok isin
Sapa wae sing wus nyemplung ing sanggarmu
Aku ora sudi melu kowe
Rasakna wae apa kang bakal dumadi ingatase awakmu
Ing kene aku mung bisa ngelingake













Pitakonku marang donya

Aku isih during wareg
Pengin dakuntal donya lan isine
Rikala nyawang rusaking donya kang tan kinira
Ing sajroning panjaluk
Lali aku kaya ngapa endahe swara cumrewite manuk
Ing dina iki aku rumangsa sumpeg
Ana donya nanging ora ana isine
Nalika kau weruh isine wus ilang bablas melu layune angin
Aap iya isih ana donya kang endah?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar