Jumat, 03 Desember 2010

geguritan

Tretes ing wayah wengi
Rikala angin wengi iki tansaya mbeset kulit
Ana kang mbeset ing sajroning pikirku
Ana pitakonan kang durung bisa dakwangsuli
Saka sadhuwure puthuk-puthuk kang wis aweh sasmita
Isih ana tembung kang keroncen ing sajroning memitran
Tembung mau isih kesimpen temekan seprene
Senajan aku lan sliramu ora bisa cecaturan kaya wingi uni
Dakjaluk sesambungan memitran iki ora bakal luntur
Kegawa ilinining wektu
Ing tengah wengi iki aku njaluk
Marang sing Kuasa
Supaya isih aweh kalodhangan tumrap kita
Kanggo ngudhal kangen ing sajroning dhadha

Dening : Zuly Kristanto

Tidak ada komentar:

Posting Komentar