Jumat, 03 Desember 2010

geguritan

Gang telu lan gang pitu
Pangrasaku wus tumlawung sandhuwuring mendhung
Lan wus agawe ati krasa suwung
Amarga ati iki wus kedlawung
Ing pojokan gang iku aku nate nyambung
Tali asih marang sliramu kang ngagem krudung
Aku pancen lagi mendhem cubung
Rikala rasane ati iki tansaya sesak nyimpen ati kang suwung
Tresnaku wus dakselehake ing pucuking gunung
Lan daksimpen sajroning sukma
Ing tengah wengi iki kebak tembung kang nganyuwara
Aku wiwit nggrahita
Apa aku salah yen aku kebacut tresna
Lumantar angin kang miyaki rambut iki
Bakal dakbabarake apa kang wus sumimpen ing sajroning ati
Liwat gurit kang mung sapecak iki
Daktulis rasa tresnaku marang sliramu pepujaning ati
Antaraning gang telu lan gang pitu iki bakal dadi seksi
Cecaturaning ati kang karoncen
Ing tresna kang sejati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar