Jumat, 03 Desember 2010

geguritan

Lelakonku

Ing gisiking wengi
Dakcoba dedonga marang sing Kuwasa
Tansah dakkunjara sekabehe nafsu
Sanajan urip iki abot sanggane
Aku tansah ngangsu kawuruh
Marang sakabehi guru kang misuwur
Aku ora seneneng nggadho atine wong tuwa
Kulak ngilmu daklakoni rina lan wengi
Pait getir wis dakrasakake
Sanajan akeh sandhungan aku tetep nagdek jejeg ora obah
Wis gilig tekagku
Gawe mulyane uripku lan wong tuwaku
Lan nandhur kabecikan
Ing negaraku
Indonesia

Bumi Ngrawa 20 desember 2009

Jamane Edan

Mlayu sipat kuping ngendhani lelakuni jaman
Jaman sing tansaya edan
Sing sugih tansaya sugih sing mlarat ora keduman
Kabeh padha mikirne uripe dewe ora mikir uripe liyan
Akeh wong sing padha kelangan
Ora mung bandha nanging uga katresnan
Katresnanne manungsa marang liyan
Jaman tansaya edan
Akeh bocah sing ora kelingan
Rekasane jaman perjuangan
Nalika para pejuang padha sengkut ngrebut kamardhikan
Saka penjajah sing padha edan
Elinga cah kowe kudu nerusake perjuangan
Perjuangan jaman saiki ora perlu bedhil-bedhilan
Kaya dek jaman kamardhikan
Kowe kudu majokake pendidikan
Supaya wong Indonesia padha ora edan
Bumi Ngrawa
Tulungaung

Pangeran Kalang wis suwe seda
Ilang angkara murka saka bumi ngrawa
Kedhung-kedhung sing biyen agung
Saiki wis padha muspra
Angin nyalawadi mlipar-mlipir
Ing gunung Rara kembang Sore
Mecaki balung-balung wesi
Tumuju papan pasinaonan
Tansah dedonga marang sing kuwasa
Supaya ati iki tetep ngadek jejeg
Lan ngunjara sakabehing nafsu ing jroning ati
Sanajan pangarep mung sacuwil
Nanging gedhe pangarepanku
Marang panguripan kang minulya
Dadi manungsa kang tansah nyawiji marang Gusti
Lan seneng tetulung marang liyan

Bumi Ngrawa

Kenya ing Bumi Ngrawa
Kanggo mengeti hari ibu

Sliramu pancen merak ati
Pasuryanmu katon padhang
Kaya padha sumunare lintang ing wengi
Pengin dakrengkuh sliramu
Nanging sliramu wis ora kaya wingi
Nalika esemu mareake atiku sing kadhung rojeh
Nalika nurani during katutup bandhadonya
Apa sliramu wis ora ngerti
Sejatine katresnan kuwi apa
Katresnan lan katentreman iku ora diukur saka bandha
Nanging katresnan lan kaentreman kuwi bakal kok rasakake
Nalika sliramu bias ngucap syukur marang sing kuwasa
Dasar wis kebacut tumindakmu
Kowe tega nglarani atine simbokmu
Wong sing wis nyusoni lan nyawiki sliramu
Nalika sliramu mung isa nangis
Wong sing mbelani ora mangan
Supaya sliramu ora keluwen
Wong sing gelem kadhemen
Supaya sliramu tetep ngrasa anget
Apa nuranimu wis mati
Ilinga nduk widadari sing wujud manungsa kuwi mung siji
Yaiku simbokmu
Muliha nduk
Muliha
Mumpung sliramu isih njaluk sepura
Mumpung sliramu isih bias nyawang esemu simbokmu
Lan ngrasakake anget katresnanne simbokmu

Bumi Ngrawa

Tangise Basundara

Udan tangis si Basundara gawe patine manungsa
Awake Basundara padha rojeh
Amarga para nara kang padha lola
Nara sing wus edan
Nara kang rumangsa gumedhe
Nara kang tega marang liyan
Nara kang gawe rusaking donya
Saiki akeh nara kang padha edan
Akeh sing kelangan nurani
Wis ora ndalan pikire
Wis ilang welase
Nanging basundara kadhung murka
Udan tangis udan pati
Akeh nara kang nemoni pati
Amarga lelakone dewe
Amis gandhane rah ludira ngebakki nagari
Kunarpa padha gumletak ing ngatase bawana
Sang dwijamahasri ora bias
Ngluluhake atine si Basundara sing murka
Yen wis kaya mangkene
Apa sing bakal kok tumindakake
He para Nara kang ora duwe wardaya
Bumi Ngrawa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar